Setu, 20 Juni 2026 Minggu Limrah
Yeremia 20:1-6; Jabur 69:7-10, 16-18; Lukas 11:53-12:3
“Apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.” (Lukas 11:54)
NGRANCANG ALA? AMPUN!
Para Ahli Toret tuwin para tiyang Farisi ngrancang ala dhateng Gusti Yesus. Piyambakipun ngupadi ngrangket Gusti Yesus, kanthi cara madosi lepating pangandikanipun Gusti Yesus. Menawi sampun pinanggih “celah” pangandika ingkang saged dipunlepataken, tiyang-tiyang wau badhe masrahaken Gusti Yesus dhateng pangadilan. Candhakipun, sageda Gusti Yesus dipunukum dumugining sedanipun.
Para Ahli Toret minangka pakar gegayutan kaliyan Toretipun Nabi Musa, dene tiyang Farisi minangka sesepuh ingkang ngugemi Toret lan paugeraning adat istiadat. Sedherek-sedherek menika mboten remen kaliyan Gusti Yesus, ingkang kawawas Gusti Yesus nerak paugeraning Allah. Tumindakpun prelu dipunukum pejah. Dene sayektosipun, Gusti Yesus ngupadi pranatan ingkang ndadosaken manungsa nampi kawilujengan lan suka bingahing manah, mboten kamomotan dening pranatan ingkang mblenggu gesangipun.
Sayektosipun, ngrancang ala kawiwitan saking telenging manah. Raos drengki lan benci dhateng tiyang sanes. Prekawis ingkang mboten sehat ing pasrawungan, ugi mboten leres miturut pangandikanipun Gusti. Manungsa ingkang ngrancang ala ateges sampun kadunungan roh ala, roh reged. Manungsa ingkang ngrancang ala dados blegeripun iblis ingkang ketingal ing jagad. Gusti Allah mboten ngersakaken bab menika.
Ingkang dipunkersakaken dening Gusti Allah inggih menika manungsa ngrancang ing bebener. Rancangan guyub-rukun, apunten-ingapunten, sesarengan suka bingah ing bebener, ngupadi gesang ing kawilujenganipun Gusti. Rancangan ingkang kadunungan Roh Suci, Roh Resik, ingkang sumberipun saking Gusti Allah kaswargan. Ingkang ndadosaken manungsa memuji asmanipun Gusti. Rancangan ingkang leres, binerkahan dening Gusti, lan saged mawujud nyata ing gesang.
Ngrancang ala? Ampun! Ngrancang ing bebener? Inggih, mangga! Tiyang pitados samesthinipun ngrancang ingkang prayogi. |*KR
