NGGELARAKEN SABDANING GESANG

NGGELARAKEN SABDANING GESANG

Jemuwah, 19 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 18:18-23; Jabur 69:7-10, 16-18; Lelakone Para Rasul 5:17-26

“Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.” (Lelakone Para Rasul 5:20)

NGGELARAKEN SABDANING GESANG

Para sakabatipun Gusti Yesus katimbalan supados nggelaraken Injiling kawilujengan dhateng sedaya umat ing bumi. Nggelaraken utawi nyariyosaken bab kawilujengan saking Gusti Allah ingkang sampun kababar. Sedaya manungsa dados jujugan kawilujenganipun Gusti, mila sageda sedaya manungsa gesang ing kawilujengan Gusti, lumantar pakaryanipun Sang Kristus.

Para sakabat sampun nampi mukjizat saking Gusti, inggih menika kaluwaran saking pakunjaran, tanpa dipunmangertosi dening tiyang sanes. Mila candhakipun dipuntimbali supados nggiyaraken sabdanipun Gusti, sabdaning gesang dhateng tiyang kathah. Para sakabat purun nindakaken, awit pancen saking wiwitan suka ing peladosanipun kagem kamulyanipun Gusti tuwin kawilujenganipun tiyang kathah.

Saestunipun, nggelaraken sabdaning gesang inggih pangandikanipun Gusti dhateng tiyang kathah minangka tugasipun pasamuwan. Pasamuwan nggadhahi tugas kalih, i.m martosaken Injilipun Gusti Allah (marturia) tuwin pangrimating kapitadosanipun sedaya warganing pasamuwan (penggembalaan utawi pastoralia).

Dumugi sapriki, tugas nggelaraken sabdaning gesang tetep dados tugasing pasamuwan sacara lembaga menapa dene pribadi sedaya warganing pasamuwan. Kita nggadhahi wajib martosaken Injilipun Gusti dhateng sesami. Martosaken bab Gusti Allah ingkang tansah nresnani sedaya manungsa; Gusti Allah maringi kawilujengan lumantar pakaryanipun Gusti kita, Yesus Kristus; manungsa dados jujuganing kawilujenganipun Gusti, mila samia pitados dhateng panjenengan-Ipun; manungsa gesang awit sih nugrahanipun Gusti, mila tansaha atur panuwun ing salampahing gesang. Nggelaraken injilipun Gusti minangka sabdaning gesang tata potados tanpa winates ing wekdal. Salamining gesang, rikala kita taksih ambegan, kita sami katimbalan nindakaken wajib menika. Menika minangka respon tumrap sih nugrahanipun Gusti, ingkang sampun mawujud nyata ing gesang kita sami. Sageda nindakaken kanthi suka bingah. |KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline