GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA

GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA

Kemis, 18 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 18:12-17; Jabur 69:7-10, 16-18; Ibrani 2:5-9

“Sampun ngantos nyingidaken wedana Paduka saking abdi Paduka, amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!” (Jabur 69:18)

GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA

Gusti Allah nyingidaken wedananipun tumrap manungsa, ngemu teges Gusti boten karsa mirsani, boten karsa nggatosaken manungsa. Kawontenan mekaten saged kelampahan, awit manungsa boten nggatosaken pangandikanipun Gusti, menapa dene boten purun nindakaken dhawuh-dhawuhipun kanthi gumolonging manah. Ing wusananipun, manungsa ngraosaken karupekan, kawontenan ingkang mboten prayogi ing gesangipun.

Sampun leres lan jumbuh kaliyan karsanipun Gusti, kados ingkang sinerat ing Jabur 69:18. Rikala manungsa ing kahanan karupekan, manungsa nyenyuwun dhumateng Gusti, sageda Gusti boten nyingidaken wedananipun. Sewalikipun, sageda Gusti mirsani, nggatosaken dhumateng manungsa ingkang gesang ing karupekan. Kanthi pitados lan pangajab, Gusti paring pitulungan, nyingkiraken karubedan ing gesanging manungsa. Lan candhakipun, manungsa saged luwar saking karubedan lan ngraosaken lodhang ing manahipun. Boten mbeseseg malih.

Tumraping manungsa, karupekan minangka satunggaling prekawis limrah ing gesangipun. Awit manungsa dados titah ingkang dereng sampurna gesang ing jagad menika. Taksih saged ketaman sesakit, ekonomi ingkang cumpen, brayat nandhang cecongkrahan, menapa dene rejeki karaosaken seret. Tumraping tiyang pitados, kahanan ingkang mekaten ampun ngantos dados dhadhakan nebih kaliyan Gusti. Nanging sewalikipun, sageda dados pamecut saya celak kaliyan Gusti, gesang nindakaken dhawuh-dhawuhipun gusti, tuwin setya tuhu dherek Gusti.

Gusti Allah punika saestu Gusti ingkang Maha Asih tumraping manungsa saha sedaya titah. Rikala ing karibedan lan manungsa sowan ing ngarsanipun Gusti, prekawis menika dados lampah ingkang leres. Dados solusi utawi margining pangluwaran. Mila, rikala ketaman ing karibedan, prayogi sageda saya kenceng ing pandonga, ugi saya celak srawunganipun kaliyan Gusti Allah kaswargan, inggih ing asmanipun Gusti Yesus. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline