Rebo, 10 Juni 2026 Minggu Limrah
Hosea 14:1-9; Jabur 40:1-8; Mateus 12:1-8
MRATOBATA, NINDAKNA WELAS ASIH!
“… padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,
dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.” (Hosea 14:2)
Sang Yehuwah Allah, nimbali para umat kagunganipun supados gersang ing salebeting pamratobat supados saged nindakaken welas asih tumrap sesami. Ing Kitab Hosea, kapratelakaken bilih umatipun Gusti dipun dhawuhake supados wangsul, mratobat, lan nyuwun pangaksami awit dosa-dosanipun. Nabi Hosea paring pangandika kanthi katresnan, bilih sanadyan tiyang Israel sampun nerak angger-anggeripun Gusti, Gusti Allah tetep mbikak korining pangapura lan paring sih-kadarman. Katresnanipun Gusti Allah punika boten winates.
Ing gesang kita punika, kathah kalepatan, kathah kekirangan, nanging Gusti kepareng paring pangaksami. Nanging, pangapuntening dosa punika kedah dipun tanpi kanthi sikep gesnag ingkang saestu mratobat, sanes namung pangucap, nanging mujudaken ewah-ewahan ingkang sejati.
Paseksi wigati sinerat ing Jabur 40, kita sinau kadosdene Juru Masmur: “Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah…”. Punika nelakaken kesabaran ing salebeting ngantu-antu pitulunganipun Gusti. Amargi kadhangkala, Gusti Allah nguji lan ngasah kesabaran lan pangajeng-ajeng kita, ngantos dumugi wekdal ingkang katetepaken dening Gusti. Ingkang cetha ing tengahing kasangsaran, Gusti midhangetaken pandonga, pasambat kita. Gusti Allah ngentasaken kita saking “luweninging bilai”, lan mindahkaken kita ing “parang” ingkang teguh. Tegesipun, iman boten mesthi paring urip linuwih, nanging paring tuwuhing raos pitados ingkang kukuh, amargi Gusti badhe nyekapi kabetahan kita kanthi sedaya berkah ingkang rumentah.
Para Farisi nggadhahi panginten bilih kesalehan punika dipun ukur saking pranatan/aturan, ritual, lan maneka warni larangan, nanging Gusti Yesus ngandharaken bilih katresnan lan welas asih punika ingkang langkung utama. Ritual ingkang tanpa katresnan badhe kecalan maknanipun. Piwulang saking Mateus 12:1-8 punika nggigah kita supados boten namung manut aturan agami, nanging langkung-langkung gesang suci lan nindakaken katresnan, welas asih, lan pangapunten tumrap sesami. Amin.|*LES
