WIGATOSING  KASUCENING  GESANG 

WIGATOSING  KASUCENING  GESANG 

Senen, 8 Juni 2026 Minggu Limrah

Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 ; Jabur 40:1-8; 2 Korinta 6:14-7:2

WIGATOSING  KASUCENING  GESANG 

“… Mulane payo kita padha nucekake badan kita

saka sarupaning jejembering daging…”                                            

(2 Korinta 7:1)

Wonten ing gesang padintenan, kita asring mireng tetembungan “resik” lan “boten resik”. Nanging resik ing ngriki boten namung babagan lahiriah kemawon ananging ugi ngemot makna rohani. Ayat-ayat ing  dinten punika ngajak kita ningali sepinten wigatosipun kasucening gesangwonten ing lampahing pangibadah lan ing sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.

Kaimaman15:25-31; 22:1-9mratelakaken bab pangibadah ingkang suci.  Gusti paring dhawuh dhumateng bangsa Israel supados sami netepi pranatan utawi aturan-aturan babagan kasucening gesang. Gusti Allah nedahaken bilih kasucen ing tata lair punika sesambetan kaliyan bab karohanen. Wontenipun paugeran punika dadosaken kita enget, bilih saben tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Allah kedah suci lahir batin; ngadhep kanthi ajrih lan asih/ngaosi Gusti Allah. 

Wondene ing Jabur 40:1-8 dipun pratelakaken bab katresnan lan kasetyan Gusti.  Juru Masmur matur: “Kula ngentosi Gusti kanthi sabar, Panjenengan mirengaken swanten kula” (ayat 2). Gusti punika maha welas lan sabar. Waosan dinten punika paring panglipur lan dados pangandel bilih Gusti boten nganggep gesang resik kita minangka prekawis legalistik/formalitas. Nanging kasucening gesang minangka wujud timbalan dhateng katresnan, kasetyan, lan kabecikan. Enget: Panjenenganipun boten ngersakaken kurban tata kajasmanen kemawon, nanging “talingan ingkang kabikak” — tegesipun Gusti Allah ngersakaken bab manahingkang purun mirengaken dhawuh lan karsa Dalem dadya tetalesing gesang Suci. Pancen gesang suci punika satunggaling proses ingang kedah katindakaken kanthi temen. 

Serat 2 Korinta 6:14–7:2 nandhesaken gambaranipun tiyang ingkang dipun pindah saking pepeteng lumebet ing pepadhang. Rasul Paulus ngajak kita sami supados boten madha rupa kaliyan “ingkang boten pracaya”. Sumangga sami ngrasuk gesang suci wonten ing ngarsanipun Gusti. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline