GUSTI  YESUS  RAWUH  MITULUNGI  TIYANG  DOSA

GUSTI  YESUS  RAWUH  MITULUNGI  TIYANG  DOSA

Ahad, 7  Juni 2026 Minggu Limrah

Hosea 5:15-6:6; Jabur 50:7-15Rum 4:13-25Mateus 9:9-13, 18-26

GUSTI  YESUS  RAWUH  MITULUNGI  TIYANG  DOSA

“Sebab tekaKu ini ora ngundang wong sampurna nanging wong dosa”

(Mateus 9:13)

Saben tiyang mesthi nate ngraosake lelara: lelara badan, lelara batin, utawi lelara secara karohanen. Nanging kathah tiyang ingkang remen ndhelikake raos  lan sesakit mawi ngendelaken agami, kamangka sejatosipun tebih saking Gusti Allah. Sami migunakaken topeng kesalehan palsu, kemunafikan, kanthi ngendelaken  kasagedan, kesalehan, amal ingkang mboten sampurna, malah kepara nampik katresnaning Gusti Allah lumantar Sang Kristus.

Piwulang wigati saking waosan dinten punika, (1) Gusti nelakaké sih-rahmat kang tanpa wates (ayat 9–13). Nalika Gusti nimbali Mateus, tiyang pungut pajeg, paningal umum sami nganggep Mateus minangka tiyang dosa. Nanging Gusti mirsani manahipun. Punika ngélingaké kita, bilih Gusti Yesus boten mawang tiyang namung saking punapa ingkang ketingal. Panjenenganipun kersa rawuh ing griyanipun tiyang dosa, dhahar bebarengan, dados pratandha katresnanipun Gusti kang narima saben tiyang.

(2) Gusti Yesus nimbali manungsa supados mratobat (ayat 12–13). Panjenenganipun ngendika, “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.” Kita punika kadang remen ndhelikaké dosa, nganggep awake sampurna. Nanging Yesus ngelingaké, tobat punika margi kawilujengan, lan katresnan luwih utama tinimbang  syariat-syariat agamawi.

(3) Gusti Yesus maringi pangarep-arep lan panguripan (ay. 18–26)
Anak tiyang kepala rumah ibadah tilar donya, lan satunggaling wanita 12 taun gering, loro-lorone sami nyedhaki Gusti kanthi pengandel. Gusti paring sih-rahmat: wanita punika dipun warasaken, anak punika dipun wungokaké. Pengandel ngundang sih-rahmatipun Gusti, sanajan kahanan katingal tanpa pangarep-arep.

Sumangga kita ndedonga supados kita tansah ngraosaken sih-rahmatipun Gusti. Boten namung netepi kawajiban agami minangka tugas, nanging mbangun sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Pangapunten lan karahayon punika kagem tiyang ingkang ngakoni lepat lan ngandel dhateng sih-rahmating Gusti. Amin |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline