TETAP SETYA TUHU NGLADOSI GUSTI

TETAP SETYA TUHU NGLADOSI GUSTI

4 April 2026
Waosan : 1 Timotius 1:12

Tumrap saperangan tiyang lelados ing ngarsanipun Gusti, yuswa ingkang sampun sepuh punika sanes perkawis ingkang gampil, awit , lelados ing ngarsanipun Gusti mbetahaken kesanggeman ngadhepi kathah pepalang kepara malah dipun tolak, dipun usir.  Pepalang ingkang paling awrat inggih punika saking salebeting diri pribadi. Antawisipun raos aras-arasen, bosen lan  nglokro nalika kita nindakaken ayahan peladosan.

Sinau saking Rasul Paulus kados ingkang kacariosaken ing 1 Timotius 1:12, kita saged tetep ngladosi Gusti kanthi sae menawi diri pribadi kita :

Ingkang sepisan : Tansah ngaturaken sokur. Tansah ngaturaken sokur tumrap sedaya sih katresnanipun saha sihrahmatipun saha kekiyatan ingkang kaparingaken dening Gusti. “Aku saos sokur marang Panjenengane , kang nyantosakake aku yaiku Gusti Kristus Yesus Guati kita amarga Panjenengane kersa nganggep  aku tumemen sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki” (ay. 12).

Ingkang kaping Kalih : Nggadhahi tanggel jawab. Nalika kita pinitados kangge lelados Gusti, mila kita kedah nindakaken kanthi kebak ing tanggel jawab. Sampun ngantos ngladosi Gusti namung sak sekecanipun piyambak, sembrono utawi mboten kanthi tulusing manah. Peladosan kagem Gusti kedah katindakaken kanthi saestu-estu, sampun ngantos owel, kedah dipun lampahi kanthi sawetahing jiwa lan raga lan sak sae-saenipun….. amarga Panjenengane kersa nganggep  aku tumemen sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki” (ay. 12).

Sumangga kita nganyaraken pikiran kita ingkang boten leres bab tegesing ngladosi Gusti, bilih ngladosi Gusti punika kedah kawiwitan kanthi raos sokur saha nindakaken kanthi kebak ing tanggel jawab.  Saben peladosan ingkang katindakaken kanthi kebak ing tanggeljawab mila badhe dados berkah tumrapipun tiyang kathah. Mumpung taksih pinaringan wekdal, mangga kita lelados kanthi sak sae-saenipun

Kenging punapa kita kedah ngladosi Gusti?  Cara ingkang kados pundi ingkang kedah kita lampahi nalika kita ngladosi Gusti?  Tekad kita kangge ngladosi Gusti badhe kita lestantunaken ngantos Gusti ngendika “Cukup”. (Nunia Widowinarti)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline