PANGURBANAN INGKANG NGASILAKEN KAWILUJENGAN

PANGURBANAN INGKANG NGASILAKEN KAWILUJENGAN

5 April 2026
Waosan : Yokanan 12 : 23 – 24

            Manungsa boten purun gesangipun rekaos. Manungsa yasa piranti amrih anggenipun nglampahi pagesangan sekeca. Salah satunggal tuladha bilih manungsa boten purun rekaos, saha mbudidaya amrih gesangipun sekeca, kados ta : wontenipun alat transportasi. Manungsa yasa piranti transportasi awit anggenipun boten kepengin ngrekaos nalika kedah pindah,  saking papan satunggal dhateng papan sanesipun. Sanadyan ta manungsa boten purun rekaos, ananging yektosipun manungsa boten saged uwal saking gesang rekaos. Purun boten purun manungsa kedah wantun rekaos amrih gesangipun boten rekaos.

            Limbangan wekdal punika ngrembag  pasemonipun Gusti Yesus babagan wiji gandum. Amrih wiji gandum punika saged tuwuh, dados wit, lan ngasilaken woh ingkang kathah, wiji gandum kedah katanem. Wiji gandum ingkang katanem punika  wiji ingkang garing (tegesipun wiji ingkang sampun mati). Amrih wiji punika gesang kanthi titikan tuwuh, wiji kalawau kedah katanem. Pasemon bab wiji gandum ingkang katanem punika, gegambaran babagan Gusti Yesus ingkang kedah seda amrih ndhatengaken kawilujenganing para manungsa. Gusti Yesus nindakaken pakaryan kawilujengan kanthi pangurbanan. Kawiwitan anggenipun rawuh ing jagad; nindakaken pagesangan kanthi winates sami kalayan manungsa-manungsa sanesipun; kawusanan kanthi kasangsara dumugi sedanipun ing kajeng salib. Ananging pangurbanan punika ngasilaken kawilujengan.

            Gesang kedah wantun kurban. Ampun alergi gesang prihatin. Gesang prihatin minangka wujud pangurbanan minangka margining berkah dumugi. Boten wonten pangurbanan boten wonten berkah. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika, kados ta : ampun nggrundel nalika ngadhepi keprihatinan. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline