23 April 2026
Waosan : Yakobus 1:2; Lukas 23:34
–
Saben tiyang tamtu nate ngalami kasangsaran ing gesangipun arupi sesakit, kakirangan, pangalaman ingkang boten ngremenaken, lan sapiturutipun. Rikala panjenengan lan kula nembe ngalami prekawis ingkang mengaten, asring tuwuh raos panalangsa, sesambat lan ngresula. Kawontenan ingkang secara kajiwan saged njalari momotan gesang punika sangsaya awrat. Pramila Rasul Yakobus paring pitedah mekaten: “He para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna.” (Yakobus 1:2).
Yakobus satunggaling murid lan sadherekipun Gusti Yesus, ingkang mangertos kanthi saestu kawontenanipun Gusti Yesus, awit asring gesang sesarengan wiwit lare-lare ngantos yuswa diwasa. Kados pundi kasangsaran ingkang dipunalami dening Sang Mesias ingkang dipunsengiti dening jagad. Awit saking pengalaman iman sesarengan punika, Yakobus mratelakaken imanipun ingkang linangkung. Piyambakipun boten namung mratekaken, ananging asring ngalami bilih kasangsaran ingkang dipunalami punika satunggaling kabagyan. Pratelan iman punika lelawanan kaliyan kasunyataning gesang. Ing tata lair ngalami kasangsaran, dene ing batos ngraosaken kabagyan. Bab ingkang mekaten saged kalampahan kawetu saking tiyang ingkang sampun ngalami tumuwuhipun lan kadiwasan iman saking pangalaman rohani ing lampah gesangipun.
Tiyang Kristen ingkang sampun ngraosaken pengalaman ing proses iman, gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus, badhe kuwawi nglairaken pratelan ingkang mekaten. Patuladhan saking Gusti Yesus rikala ngalami kasangsaran, ngantos seda sinalib. Panjenenganipun kagungan raos kamulyan ingkang ngedab-edabi. Katitik pangandikanipun ing kajeng salib “Gusti Yesus tumuli munjuk: ‘Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken’.” (Lukas 23:34) Panjenenganipun kuwawi ngandika mekaten awit ing swasana panggalihipun kebak ing tentrem rahayu. Pramila boten mokal menawi tiyang pitados rikala ngalami kasangsaran, mangka kuwawi ngucap panuwun ing ngarsanipun Gusti Allah. Boten sambat-sambat ngaruara. Pamila rikala nembe ngajengaken prekawis awrat, kasisahan lan pacoban sanesipun, boten dipunadhepi kanthi asesambat lan mlajar saking kasunyatan gesang, nanging dipunadhepi linambaran iman. Kanthi mekaten iman kita badhe tumuwuh lan manggihaken kabagyan, sesarengan gesang kaliyan Gusti Yesus Kristus. (Iskandar MZ)
