29 April 2026
Waosan : Filipi 3:1-16
–
Saben tiyang nggadhahi pangajeng-ajeng ing gesangipun, kanthi pangangkah ing mangsa tembenipun badhe ngalami kawontenan gesang ingkang langkung sae tinimbang ing mangsa samangke utawi mangsa ingkang sampun kawuri. Pramila kita prelu langkung prayogi nggagas mangsa ingkang badhe kalampahan tinimbang mikir utawi nggetuni mangsa kapengker. Sinaosa ing mangsa kapengker kita saged nggayuh punapa ingkang kita kajengaken. Saupami kita nate ngalami mangsa kencana rukmi, ananging kita nebih saking ngarsanipun Pangeran lan boten gadhah pangajeng-ajeng. Mekaten ugi saupami nate ngalami kawontenan ingkang boten ngremenaken, kita boten prelu nggetuni kagagalan kita ing mangsa kawuri, ingkang saged ngrendhet-ngrendheti lampah gesang kita salajengipun.
Rasul Paulus ingkang sewau asma Saulus, nggadhahi kalenggahan ingkang kajen keringan ing masyarakat Yahudi, minangka tiyang Farisi saking suku Benyamin, tiyang Ibrani tulen, lan nate nguya-nguya pasamuwan. Malah kepara ngaken bilih piyambakipun ngugemi Toret tanpa cacad. Sasampunipun piyambakipun kacandhak dening Gusti Yesus Kristus, rikala ing satunggaling lumampah dhateng Damsyik, piyambakipun sumarah dhumateng Sang Kristus. Sedaya gesang lan lelampahan gesangipun ing sewau dipuntilar babar pisan lan kaanggep kadosdene uwuh ingkang kedah dipunbucal. Pangakenipun mekaten: “Nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.” (Filipi 3:14).
Kawontenan ingkang dipun alami dening Rasul Paulus ngemutaken dhumateng panjenengan lan kula, bilih wonten mangsa ingkang boten ngremenaken, ananging ugi wonten mangsa ingkang ngemenaken. Ing prekawis ingkang kados mekaten wonten bab ingkang prelu dipunenget, inggih punika bilih Gusti Allah ing Sang Kristus sampun ngribah ener gesang kita tumuju dhateng gesang tentrem rahayu. Sewau kita gesang kangge dhiri pribadi mawon, dene samenika gesang sesarengan kaliyan Sang Kristus ingkang saged ndayani kasaenan dhumateng tiyang kathah. Gesang kita samenika kaasta kagem kamulyanipun Gusti Allah ing Sang Kristus. (Iskandar MZ)
