PANGAJENG-AJENG ING SANG KRISTUS

PANGAJENG-AJENG ING SANG KRISTUS

30 April 2026
Waosan : MISUNGSUNG ING KAHANAN WINATES

2 Korinta 8:2

PANGAJENG-AJENG ING SANG KRISTUS

Kaserat Ing Prajanjian Lami, satunggaling randha ingkang manggen ing kitha Sarfat.  Randha punika gesang kacingkrangan.  Ing kahanan pailan, piyambakipun namung gadhah glepung gandum sagenggem lan lisah wonten ing botol alit.  Nabi Elia awit dhawuhipun Gusti Allah, kapurih ndugeni randha Sarfat punika.  Ingkang dados pangeram-eram, randha punika awit imanipun dhumateng Gusti Allah, saged dados lantaran berkah tumrap Nabi Elia. Kasebat nilih randha Sarfat punika atur pangrimat dhateng Nabi Elia ngantos mangsa pailan punika rampung. Sinaosa kahanan ingkang winates, ananging mboten dados pambeng tumrap randha punika mbiyantu kasekengan tiyang sanes. (1 Raja 17:10-16)

Kawontenan pasamuwan ing Korinta nandhang kasekengan.  Bab punika kalampahan saged ugi tiyang-tiyang Kristen ingkang nembe sakedhik cacahipun dipun singkiri dening tiyang-tiyang ingkang dereng pitados.  Pramila wonten pambeng ing babagan usaha, ekonomi lan sanes-sanesipun.  Ananging sinaosa makaten, kasebat: “… Senajan miskin, nanging sarèhné rumangsa olèh kabegjan sing gedhé, pasamuwan-pasamuwan mau enggoné dedana ora sethithik.”

(Terjemahan alkitab basa Jawi padintenan).  Ing alkitab basa Inggris wonten ingkang paring terjemahan: “…but their joy was so great that they were extremely generous in their giving, even though they are very poor.” (Terjemahan alkitab basa Inggris Masa Kini).  Cobi dipun gatosaken: they were extremely generous in their giving!  Tiyang-tiyang punika anggenipun atur dana pisungsung kanthi patrap ekstrim!

Saged ugi ing kahanan samangke, dampak perang Amerika-Israel lumawan Iran, ndadosaken gesang kita kados-kados sekeng lan kathah kirangipun.  Ananging punika mboten saged dados pambeng anggen kita caos pisungsung dhumateng Gusti.  Randha Sarfat, pasamuwan Korinta  sampun dados tuladha supados kita mboten kapambeng dening kakirangan lan kasekengan kita.  (Pdt. Em. Suyito Basuki)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline