Sabtu, 16 Mei
Kanthi sawetahing manah
Roma 1:8 – 15
1:8 Pertama-tama aku mengucap syukur kepada Allahku oleh Yesus Kristus atas kamu sekalian, sebab telah tersiar kabar tentang imanmu di seluruh dunia. 1:9 Karena Allah, yang kulayani dengan segenap hatiku dalam pemberitaan Injil Anak-Nya, adalah saksiku, bahwa dalam doaku aku selalu mengingat kamu: 1:10 Aku berdoa, semoga dengan kehendak Allah aku akhirnya beroleh kesempatan untuk mengunjungi kamu. 1:11 Sebab aku ingin melihat kamu untuk memberikan karunia rohani kepadamu guna menguatkan kamu, 1:12 yaitu, supaya aku ada di antara kamu dan turut terhibur oleh iman kita bersama, baik oleh imanmu maupun oleh imanku. 1:13 Saudara-saudara, aku mau, supaya kamu mengetahui, bahwa aku telah sering berniat untuk datang kepadamu–tetapi hingga kini selalu aku terhalang–agar di tengah-tengahmu aku menemukan buah, seperti juga di tengah-tengah bangsa bukan Yahudi yang lain. 1:14 Aku berhutang baik kepada orang Yunani, maupun kepada orang bukan Yunani, baik kepada orang terpelajar, maupun kepada orang tidak terpelajar. 1:15 Itulah sebabnya aku ingin untuk memberitakan Injil kepada kamu juga yang diam di Roma.
Saben pandamelan ingkang dipuntindakaken dening salah setunggaling tiyang utawi pantha tamtu gadhah tujuan supados kasil. Sedaya Tujuan kasebat saged kelampahan menawi dipuntindakaken kanthi saestu. Rikala nindakaken pandamelan tertamtu, saben tiyang kedah ngagem kesagedan utawi kesagahan kanthi estu supados panyambut damel ingkang katindakaken saged kasil kanthi sae. Rasul Paulus paring tuladha saking menapa ingkang piyambakipun tindakaken ing papan peladosanipun. Tuladhanipun inggih menika Rasul Paulus kanthi estu nindakaken tanggeljawabipun sinaosa dipunabenajengaken kaliyan kasisahan.
Saking tantangan ingkang diadepi rasul Paulus, piyambakipun nyerat serat dhateng jemaat ing Roma kanthi pangajab ngiyataken iman tiyang Roma dhumateng Gusti Yesus lan ngiyataken patunggilan ingkang wonten. Iman dhumateng Gusti Yesus lan wetahipun inggih menika cara kange ngadepi kasisahan ingkang diadepi dening pasamuwan. Rasul Paulus sinaosa ing kawontenan ingkang awrat tetep ngiyataken jemaat ingkang ugi saweg ngadepi tantangan. Peladosan rasul Paulus dados kekiyatan kagem tiyang pitados supados ing sedaya peladosan kedah ditindakaken kanthi sawetahing manah. Sinaosa piyambakipun ngadepi kasisahan utawi tantangan nanging tumemening manah kedah dipunwujudaken supados tujuwan saking pandamelan utawi peladosan kelampahan. Kula panjenengan kedah emut menapa mawon ingkang dipuntindakaken inggih menika tanggel jawab dhateng Gusti ingkang sampun diparingaken tumrap kula panjenengan. Tetepa setya ngadosi Gusti ing saben bab kanthi gumoloning manah.
