Senin Wage, 10Agustus 2026

NGUNDHUH WOHING PENGGAWE

Galati 6:1-10

————————————————————————————————————————–

Salah satunggaling ibu aktivis gereja boten purun tumindak sae malih mitulungi pasamuwan ingkang betahaken cekaping ekonomi, patuwen tiyang sakit, ngancani saha paring nasihat dateng brayat ingkang nembe ngadhepi reribet lan sanes-sanesipun. Piyambakipun sampun bosen tumindak sae lan leres, awit punapa kasaenan ingkang dipun tindakaken boten dipun ajeni, malah kadhang kala malah boten dipun tampi kanthi sae, Miturut pemanggihipun ibu wau, bilih kepenaken wong-wong sing nampa kabecikane, wong-wong mau sing terus-terusan ngundhuh lan nampa pitulungan, kosokbalene aku sing sregep tumindak becik, ora oleh apa-apa.

Rasul Paulus mucal supados kita boten bosen sami nindakaken kasaenan, awit menawi sampun dumugi ing wekdalipun kita ingkang nindakaken kabecikan badhe ngundhuh wohing kasaenan wau. Kanthi tumindak kasaenan kita badhe ngundhuh wujuding para tiyang ingkang tepang kaliyan Gusti Yesus saha mratobat. Amargi Barnabas punika abdi ingkang sae kapenuhan ing Roh Suci saha nggadhahi kapitadosan ingkang kiyat, wonten sawetawis tiyang ingkang  ingkang katuntun dhumateng Gusti. (Para Rasul 11:24). Kita ingkang tumindak kabecikan badhe ngundhuh kamulyan saha pakurmatan, saha tentrem lan rahayu. Kosokwangsulipun saben tiyang ingkang tumindak nalisir/cengkah kalayan dhawuhipun Gusti badhe ngundhuh kasangsaran saha kaprihatosan. (Rum 2:9-10).

Mumpung taksih pinaringan wekdal, mangga sami nglajengaken tumindak ingkang sae jumbuh kalayan kersanipun Gusti, awit punapa ingkang kasebar/katanem dening tiyang inggih punika ingkang badhe kaundhuh. Pemazmur nerangaken: “Tiyang ingkang nanem kanthi rekaos badhe ngundhuh kanthi bingah asukarena. Tiyang ingkang kesah dhateng pategilan kanthi tangis beta winih tentu badhe wangsul kanthi bingah-bingah sinambi beta gandum panenanipun. (Bandhingaken Jabur 126:5-6). Tiyang ingkang nanem utawi nyebar tentu badhe ngundhuh. Amin (Nunia Widowinarti).