Minggu Pahing, 23Agustus 2026
MANAH AYEM ING GUSTI YESUS
Matius 11:28-30
————————————————————————————————————————–
Jaman samangke punika manungsa nggadhahi masalah ingkang rupi-rupi ingkang ndadosaken manungsa punika kados-kados mboten saged nggadhahi kabingahan ingkang estu. Cobi dipun gatosaken ing sakiwa tengen kita wontenipun masalah bencana alam arupi banjir, tanah longsor lan sanes-sanesipun. Banjir, tanah longsor punika sejatosipun kedadosan awit manungsa ingkang srakah tumrap kekayaan alam, sami ngethoki wit-witan ing alas mboten mawi pretangan menggah keseimbangan alam. Sasanesipun masalah alam, ugi manungsa samangke punika ing masalah moral ugi ngadi-adi. Pri kamanungsan sampun mboten dipun gatosaken. Ingkang dipun tengenaken inggih namung pepenginan pribadi, kasugihan, kalungguhan lan bab-bab ingkang sejatosipun namung kadonyan. Pramila lajeng wonten kathah dredah pasulayan, panganiaya tumrap sesami, raja pati lan sanes-sanesnipun. Punika kedadosan mboten namung ing masyarakat umum, ananging ing kulawarga lan ugi ing saweneh pasamuwan! Lare sekolah ingkang maneni dhateng gurunipun, lare-lare ing griya ngremehaken dhateng dhawuh prentah tiyang sepuhipun, mujudaken kawontenan ingkang damel giris dhateng sinten kemawon ing jaman samangke.
Gusti Yesus dhawuh dhateng para pandherekipun ing jaman suwau ugi dhateng para tiyang pracaya ing jaman samangke supados sami umarek dhateng Gusti lan Gusti paring prajanji badhe paring manah ingkang ayem. Dhawuhipun Gusti,”Padha mrénéa, kowé sing padha sayah merga mikul abot. Kowé bakal Dakparengaké ngaso.” Gusti pirsa bilih kawontenan manungsa punika kahananipun awrat lan tambah taun sangsaya awrat kados ingkang kita gambaraken ing nginggil. Pramila manungsa punika kasebat ing ayat punika ‘sayah merga mikul abot’. Gusti prajanji badhe paring wekdal ing pundi para pandherek saha para tiyang pracaya ingkang sowan ingf ngarsanipun badhe ngraosaken kawontenan ingkang aso lan tamtumipun punika ingkang ndadosaken katentreman saha kamardikanipun manah. Ing alkitab basa Inggris tembung ‘aso’ punika katelah ‘rest’. Kita asring mrangguli tembung ‘rest area’ ingkang nedahaken papan kangge ngaso tumrap kita ingkang nembe kekesahan dhateng luar kota.
Pramila sumangga kita ingkang nembe katempah ing rupi-rupi masalah, mboten ngemungaken masalah ingkang awrat kemawon, kita sami nampi sedhahanipun Gusti supados kita sowan lan umarek ing ngarsanipun. Sampun ngantos dipun endhe-endhe awit punika mujudaken kapentingan kita ingkang estu-estu kita betahaken ing jaman samangke ingkang saya awrat lan nggengirisi punika. (Suyito Basuki).
