Slasa, 6 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 27:1-6 ; Jabur 144; 2 Korinta 5:17-21
SUMADYA DADOS UTUSAN
”Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.” (2 Korinta 5:20)
————————————————————————————————————————–
Ingkang naminipun utusan punika ateges tiyang ingkang pinitados nindakaken satunggaling prekawis. Tiyang ingkang milih utusan punika temtu sampun menggalih kanthi saestu, tuladha kemawon babagan kasagedan nindakaken ayahan, kasagahan anggenipun makarya ngantos rampung, punapa saestu sumadya nampi dhawuh lan nindakaken kanthi gumolonging manah.
Waosan serat 2 Korinta 5 ayat 20 ingkang kita ngraos-raosaken dinten punika mulangaken babagan kadospundi kita mapanaken dhiri minangka utusanipun Gusti. Rasul Paulus sampun paring tuladha bab anggenipun nindakaken ayahan minangka utusan nglantaraken Injil Kratoning Allah. Piyambakipun sumadya dados lantaran malah kados-kados Gusti Allah piyambak ingkang paring pitutur dhumateng tiyang kathah. Pamberegipun, supados tiyang-tiyang ingkang nampi pawartos bab Asmanipun Sang Kristus purun karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kedah karukunaken? Supados kita saged ndherek ing pakaryan kawilujengan ingkang saking Gusti. Kanthi makaten, gesang kita saged kapulihaken malih.
Emanipun, taksih kathah tiyang Kristen ingkang suwala nalika kautus dados lantaran pakaryanipun Allah. Maneka warni pawadanipun, mboten gadah wekdal, mboten saged, dereng samekta, lsp, punika ingkang njalari kita asring boten mirengaken swantenipun Allah ingkang ngutus kita supados saged dados lantaran murih tiyang sanes saged nampi pawartos Injil Kratoning Allah temahan gesangipun saged karukunaken malih kaliyan Gusti Allah.
Sumangga kita punika boten namung ngaku lan rumaos minangka tiyang Kristen kemawon, ananging ugi tansah sumadya dados utusan anggenipun nglantaraken pawartos Injil Kratoning Allah. |*WAS
