Setu, 10 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 24:17-23 ; Jabur 23; Markus 2:18-22
INTERGENERASIONAL
”Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impes lawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau, satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna” (Markus 2:22)
————————————————————————————————————————–
Wonten ing gesang pasamuwan gereja, satunggal prekawis ingkang asring awrat katindakaken, inggih punika: pados pradata ingkang anyar. Nalika dumugi wancinipun wonten pradata ingkang lereh lan kedah pados gantosipun, langkung kathah ingkang suwala tinimbang sumadya. Kenging punapa kalampahan kados makaten? Awit wonten pamanggih ingkang kirang trep antawisipun ingkang sepuh lan ingkang enem. Ingkang sepuh ngandika “golek sing enom, ben regenerasi”, dene ingkang enem matur “ingkang sepuh mawon, ingkang langkung wasis anggenipun mranata peladosan”. Wusananipun, pradata ngadhepi kangelan kangge pados gantos Pinisepuh lan Diaken.
Punapa ingkang sepuh lan ingkang enem punika boten saged leladi sesarengan? Temtu kemawon saged katindakaken tanpa ngicali perangan ingkang sipatipun wigatos tumrap generasi punika. Patrap punika kawastanan peladosan intergenerasional, inggih punika peladosan lintas generasi. Tuladha kemawon, ingkang enem ngginakaken tenaga lan teknologi kangge lelados, dene ingkang sepuh ngginakaken pengalaman lan kawicaksanan anggenipun lelados. Boten wonten ingkang langkung inggil utawi asor amargi sedaya jumbuh kaliyan kawontenanipun.
Markus 2:22 negesaken bilih panci ingkang sepuh lan enem punika boten saged nunggil menawi kawontenanipun dipeksa kedah sami. Ananging ingkang enem lan sepuh saged nunggil ing peladosan intergenerasional kanthi migatosaken kawontenan lan kabetahan ingkang enem lan ingkang sepuh kanthi premati. Sinode GKJ sampun wiwit ngatag gereja-gereja supados nindakaken peladosan intergenerasional punika. Ingkang enem lan sepuh saged nunggil sesarengan ing peladosan ingkang gayeng! |*WAS
