MAWAS DHIRI NGGINAKAKEN TALENTA

MAWAS DHIRI NGGINAKAKEN TALENTA

Minggu, 15 November 2026

Waosan : Mateus 25 : 14 – 30      |       Pamuji : KPJ. 416

————————————————————————————————————————–

“Wangsulane bendarane: Becik banget pagaweanmu iku, heh, batur kang becik lan tumemen; kowe wis ngatonake tumemenmu tumrap prakara sapele, kowe

bakal dakpasrahi nindakake prakara gedhe; mara, lumebua lan melua

 ngrasakake kamuktening bandaramu.” (Ayat 23)

MAWAS DHIRI NGGINAKAKEN TALENTA

Wonten salah satunggaling juragan ingkang asring tindhak dhateng papan ingkang tebih. Kados kebiasaanipun, juragan punika nitipaken bandha kagunganipun dhateng para abdinipun miturut kakiyatanipun piyambak-piyambak. Nalika juragan punika tindhak, wonten abdi ingkang ngginakaken bandha punika kanthi tumemen satemah ngasilaken kathah. Nanging, wonten ingkang malah nyimpen lan ngubur bandha punika amargi ajrih lan mboten purun tanggel-jawab. Nalika juragan punika wangsul, katingal cetha sinten ingkang setya lan saged dipun pitados. Ugi cetha sinten ingkang sembrana lan mboten purun tanggel-jawab. Wusananipun, ingkang setya dipun paring ganjaran ageng, dene ingkang sembrana kecalan sadayanipun.

Waosan ing Mateus 25:14-30 nyariyosaken Gusti Yesus mucal pasemon bab dhuwit talenta. Saben abdi dipun paring dhuwit talenta miturut kakiyatanipun piyambak-piyambak, mboten sami, nanging sadaya dipun pracaya. Saking pasemon punika nedahaken bilih Gusti Yesus mboten namung mirsani pinten cacahipun talenta ingkang dipun tampi, ananging mirsani kados pundi anggenipun para abdi punika ngginakaken talenta kanthi setya lan tanggel-jawab. Abdi ingkang sae mboten namung nyimpen ananging ngembangaken punapa ingkang dipun paringaken. Dene abdi ingkang awon milih ndhelikaken talenta punika amargi ajrih lan mboten pitados. Saking piwucal punika ngengetaken kita supados mawas dhiri: sampun ngantos gesang kita namung “nyimpen” berkah saking Gusti tanpa ngginakaken kagem kabecikan.

Saking reraosan punika, kita sinau kados pundi anggenipun nglampahi gesang punika kanthi mawas dhiri. Saben tiyang dipun paring talenta, wekdal, lan kasempatan. Ananging sadaya, wangsul malih dhateng kita ingkang nampi. Kita purun ngginakaken peparingipun Gusti kanthi sae lan kagem kabecikan, punapa kita simpen awit ajrih kecalan. Swawi, lumantar waosan punika, kita sami ngginakaken talenta peparingipun Gusti kanthi wasis lan setya, ugi saged ta sadaya dados lantaran berkah kagem tiyang kathah. Amin. [DAR].

“Sampun ngantos berkah dados muspra.”

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline