Waosan : Pangandharing Toret 6: 4-9 | Pamuji : KPJ 379
“Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;” (Ayat 7)

Jaman samangke mboten sekedhik tiyang ingkang mastani bilih anak-anak lan nem-neman ‘ora pati Jawa’, mboten mangertos unggah-ungguh, lan bilih kagayutaken kaliyan gereja, lare-lare punika dipun pirsani kirang semangat anggenipun ngabekti ugi nglampahi kegiatan-kegiatan ing greja. Lajeng kita pados ‘kambing hitam’, kang dipun dadosaken jalaran kawontenan kados mekaten. Nanging kita supe ngilo githoke dhewe. Pancen langkung sekeca nglepataken ngasanes nanging nalika kita namung madosi alasan/ jalaranipun, mesti mboten wonten owah-owahan. Menawi Bahasa Jawa Timuran dipun wastani: pancet!
Kamangka ing salebeting pergumulan sae ing brayat, greja, ugi masyarakat maliginipun kang gegayutan kaliyan anak-anak, sanes tanggeljawabipun tiyang setunggal kemawon. Kita kedah introspeksi lan ngrumaosi bilih peladosan tumrap anak-anak punika dados timbalan kita sedaya. Nggih tiyang sepuh, nggih guru, nggih katekit, ugi sedaya warganing pasamuwan. Srana waosan ing dinten punika, Gusti Allah ngatag kita sami supados saged mucal anak-anak, kawiwitan saking dhiri kita piyambak-piyambak. Punapa ingkang kita tedahaken saha kados pundi kita ngupadi supados anak-anak saged mangertos. Contonipun, nalika wonten ingkang ngendikan “bocah sak ini gak ngerti tata krama, ga isa basa krama!” Lha kados pundi anggen kita apirembag, punapa kita paring patuladhan ugi ndadosaken anak-anak kita kulina langkung-langkung tresna kaliyan Basa Jawi?
Mekaten ugi menawi dinten minggu kita mirsani lare-lare malah remen ningali TV utawi dolan tinimbang ngabekti dateng greja, mangga kita mboten namung nglepataken lare-lare kala wau nanging nggatosaken kados pundi patuladhan kang kita tedahaken. Mboten namung anggen kita tindak greja, nanging kados pundi kawontenan – tandang, tanduk, lan tembung kita nalika badhe tindak, saweng ing greja, ugi nalika mantuk saking greja. Punika paseksi nyata ing sangajengipun anak-anak. Mangga kita sesarengan mbangun lingkungan ingkang ndandosaken anak-anak kulina sae – pangucap lan tumindak kang nyondhongi karsanipun Gusti. Srana tansah paring patulandhan lumantar sedaya kawontenan kita. Matemah kanthi suka bingah putra wayah kita saget ngidung “Lah Aku Bocah Rahayu”.
AMIN.
———————
