Waosan : Markus 10: 46-52 | Pamuji : KPJ 106
“…Pangandelmu wus mitulungi kowe!…”
(ayat 52b)

Ayat nats dinten punika dados ayat landhesan ing salah setunggaling RS ing GKJW, inggih punika RS Kristen Mojowarno. Ingkang menarik, wonten riwayat kang njalari ayat punika dipun agem. Kacariosaken ing jaman saderengipun Indonesia mardika, RS Kristen Mojowarno punika satunggaling antawisipun sekedhik RS ing Jawi Wetan lan misuwur saged nyarasaken maneka warni sesakit. Ing salah sawijining dinten wonten tiyang saking papan tebih priksa lan nyuwun jampi. Jaman semanten sekedhik sanget tiyang ingkang saget maos lan nulis, ugi tasih kathah ingkang pitados dateng perkawis ‘mistis’. Sasampunipun tiyang kala wau dipun priksa dening dokter, lajeng dipun paringi resep. Awit dereng nate priksa dateng dokter, biasanipun dateng dukun, sasampunipun pasien kala wau nampi resep, piyambakipun age-age wangsul. Kertas resep kala wau dipun obong lajeng diunjuk. Ingkang ndandosaken nggumun, dene pasien kala wau saras. Sanadyan salah paham, nanging srana pangandel, Gusti paring kesarasan.
Srana carios ing inggil kula mboten ngajak kita nindakaken kados ingkang katindakaken dening pasien kala wau, piyambakipun nggih mboten kanthi sengaja ‘nyalah’, nanging winates ing pangertosan, sanadyan mekaten Gusti mboten negakaken. Menawi Panjenenganipun kersa akarya, mboten wonten ingkang mokal. Lan pangandel, dados lantaran pakaryaning Gusti saged mawujud nyata. Kamangka, ngandel dateng Gusti sanes perkawis ingkang gampil, langkung-langkung nalika kasunyataning gesang mboten sami kaliyan punapa ingkang kita ajeng-ajeng. Nanging mangga kita ngupadi, sampun ngantos kita kecalan pangandel kita dumateng Gusti. Awit pangandel punika kang mitulungi kita supados tansah saged nilingaken sedaya pakaryaning Gusti ing gesang kita. Kados dene seratan ing Kidung Pasamuwan Jawi :
Amung kumandel iku, uwiting karosanku
Amung kumandel iki, etuking kraharjanku
Namung srana kumandel dateng Gusti, kita saged ngraosaken pakaryanipun.
AMIN
——————————
