Para Hakim 7:12-22; Jabur 27:7-14; Filipi 2:12-18
“Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala” (Filipi 2:14)
“Narima ing pandum,” punika satunggaling bebasan Jawa ingkang nggadhahi teges nampi punapa kemawon kanthi ekhlas lan kebak ing pangucap sokur. Narima ing pandum punika sikep purun nampi punapa kemawon ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Bebasan punika memulang supados kita boten gampil nggresula utawi ngundhamana nalika ngadhepi kawontenan ingkang awrat, ananging saged nampi kanthi manah ingkang wiyar lan pitados bilih Gusti badhe tansah nyawisi ingkang linangkung sae ing gesang punika.
Bebasan punika trep kados ingkang kapangandikakaken ing serat Filipi 2:14. Ayat punika minangka perangan pituturipun rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Filipi kadospundi prayoginipun gesang minangka pepadhanging jagad. Ing ngriku rasul Paulus nandhesaken sikeping manah lan tataning gesang ing salebeting nglampahi gesang minangka tiyang Kristen. Ingkang sepisan, “lakonana samubarang kabeh”, punika nelakaken bab nindakaken tanggel jawab ing sadhengah kawontenan, sae punika ing sesambetan kaliyan tiyang sanes, ing salebeting nyambut damel lan nalika nindakaken paladosan. Pasamuwan kedah saged nedahaken tanpa pilih-pilih ing salebeting pambangun-turut lan paladosan. Sedaya ingkang katindakaken adhedhasar kasetyan nuhoni timbalanipun Gusti.
Kaping kalih, “tanpa panggrundel”. Tembung panggrundel ing basa Yunani kasebat goggusmos ingkang tegesipun nggresula, sambat utawi boten saged nampi kanthi bingah tumrap sadhengah kawontenan ingkang dipun adhepi. Panggrundel punika asring dados tandha bilih tiyang punika dereng saged nelakaken agenging kapitadosan lan panampinipun tumrap kersanipun Gusti, kadosdene ingkang dipun lampahi dening bangsa Israel ing ara-ara samun (Wilangan 14:27).
Manawi kita gesang lan nindakaken samukawis kanthi tanpa pilih-pilih lan tanpa panggrundel, mesthi sedaya badhe karaosaken langkung entheng lan sekeca dadosa tumrap gesang pribadi punapa dene dhateng sesami. Pramila, sumangga sami nglampahi gesang lan nindakaken ayahan tanpa nggrundel. Gusti amberkahi. |*IAS
