“Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula” (Jabur 119:105)
Sakperangan saking kita temtu nate kekesahan ing wanci dalu kanthi ngginakaken pesawat. Nalika pesawat badhe mendarat, ketinggal kerlap-kerlip cahya saking dharatan. Lampu-lampu punika sanget anggenipun mbiyantu bapak Pilot ngarahaken pesawatipun supados saged mendarat kanthi wilujeng. Boten gampil kita mbayangaken kadospundi pilot pesawat saged mangertos landhasan kangge mudhun ing bandaea manawi boten wonten lampu-lampu punika awit kawontenanipun peteng. Cahya lampu punika nggadahi fungsi kangge madhangi lan nedahaken landasan ingkang leres kangge mudhunipun pesawat.
Juru Masmur ngendikakaken bilih sabda pangandikanipun Gusti punika kadosdene cahya ingkang madhangi margi ingkang badhe tinempuh. Kanhti mekaten Juru Masmur badhe mangertos pundhi margi ingkang kedah dipun lampahi, lan kadospundi kawontenaning margi punika satemah piyambakipun saged tansah waspada lan tinebihaken saking memala.
Inggih mekaten ugi Sabdanipun Gusti dados dilah kangge para kagunganipun Gusti. Sinaosa jagad punika peteng karada dosa, ananging Sabdanipun Gusti madhangi lampahing para kagunganipun. Sabdanipun Gusti dados panuntun ing margi ingkang kedah dipun lampahi satemah umat kagunganipun Gusti saged dumugi ing tujuaning gesangipun, inggih punika pinanggih tentrem raharja tetunggilan kaliyan Sang Rama ing swarga.
Wonten wekdalipun margi ingkang kita lampahi punika peteng. Kita boten mangertos margi ing ngajeng kita punika kadospundi kawontenipun. Ing ngriku kita saestu betahaken cahya ingkang madhangi. Sabdanipun Gusti punika badhe mbiyantu kita, paring pitedah punapa ingkang prayogi kita lampahi. Ing ngriku sabdanipun Gusti paring raos tentrem lan ayem. Sabdanipun Gusti punika kadosdene lampu-lampu alit ingkang mitulungi pilot ndarataken pesawat kanthi slamet. |*EW
