MARGA SAKA PRACAYA

MARGA SAKA PRACAYA

“Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa sinebut putrane Sang Prabu Pringon, jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa” (Ibrani 11:24-25)

Musa punika salah setunggaling pemimpin ingkang misuwur ing Israel. Musa wiyos ing Mesir, nalika kedadosan kathah lare-lare tiyang Ibrani ingkang dipun pejahi amargi dhawuhipun prabu Pringon. Awit pitulunganipun Gusti lumantar putrinipun prabu Pringon, Musa saged uwal saking kacilakan malah dipun rimati an dipun angkat dados putranipun sang putri. Musa gesang mulya ing kratoning prabu Pringon. Ananging saksampunipun dhiwasa, Musa rumaos prihatos dhateng nasibipun para tiyang Ibrani. Musa nggadhahi krenteg kangge mbelani bangsanipun ngantos nat emejahi tiyang Mesir. Jalaran tumindak punika, Musa mlajar saking prabu Pringon.

Musa punika ing salajengipun tinimbalan dados abdinipun Gusti ingkang kadhawuhan supados ngirid tiyang-tiyang Ibrani medal saking negari Mesir. Musa nilaraken kamulyaning gesangipun. Sesarengan kaliyan umat kagunganipun Gusti, Musa ngadhepi rupi-rupi prekawis lan ngumbara ing ara-ara samun ngantos 40 taun dangunipun. Sadaya punika katindakaken “Marga saka pracaya…” (ayat 24). Awit kapitadosanipun dhumateng Gusti, Musa tansah mituhu lan netepi dhawuhipun Gusti.

Para sadherek, punapa kita ugi purun pitados dhumateng Gusti lan netepi dhawuhipun Gusti kanthi setya? Sinaosa awrat lan kedah ngurbanaken punapa ingkang kita gadhahi, sumangga tansah tuhu setya dhumateng Gusti. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumrah para kagunganipun. Gusti Allah boten badhe negakaken, Panjenenganipun sampun nyawisaken punapa ingkang langkung aji lan endah tumrap para abdinipun ingkang setya tansah. |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline