NGLAMPAHI GESANG

NGLAMPAHI GESANG

“Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.” (Yoel 2:13 )

Wonten ing Kitab Suci (mliginipun ing Prajanjian Lawas), nyuwek sandhangan punika dados salah satunggaling cara nelakaken raos piduwung, prihatos lan nelangsani dosa. Contonipun ingkang katindakaken dening Ayub, Dawud, Ester, Ezra lan sanesipun. Mekaten ugi ingkang kedadosan ing jamanipun Nabi Yoel. Nyuwek sandhangan punika sampun dados padhatan ingkang asring dipun lampahi dening umat kagunganipun Gusti. Ananging, tumindak punika pranyata boten dipun kantheni pamratobat ingkang saestu. Para pemimpining umat tansah tumindak cidra lan umatipun Gusti nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Mila saking punika, Nabi Yoel dipun utus dening Gusti kangge ngengetaken para kagunganipun Gusti supados sami mratobat kanthi saestu.

Pamratobat ingkang saestu punika medal saking manah ingkang rempu, ingkang ngrumaosi dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Pramila Nabi Yoel ngendika, “Atimu suweken, aja sandhanganmu, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu …” (ayat 13). Pamratobat punika sesambetan kaliyan sikeping manah ingkang kawedal wonten ing sike plan tumindaking gesang. Gusti Allah ingkang mirsani sikep ing manah ingkang saestu mratobat punika badhe mbabaraken sih piwelas lan kamirahanipun.

Para sadherek, ing jaman samangke, kita ugi asring dhumawah ing sikep lamis, mratobat namung wonten ing lambe lan kanthi pitembungan kemawon. Kamangka bab punika sami kemawon kaliyan namung nyuwek sandhangan tanpa manah ingkang saestu mratobat. Mila, sumangga sami  nyuwek manah kita, nelangsani dosa kanthi saestu. Saklajengipun, mbudidaya nglampahi gesang ingkang prayogi. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline