Kamis, 05 Maret 2026
Waosan : Kolose 1 : 15 – 23 | Pamuji : KPJ. 84
–
“Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, …” (Ayat 23)
RESIK-RESIK OMAH ROHANI
Wonten satunggaling griya alit ing pinggir desa, jendhela ingkang rumiyin bening lan saged kangge ningali cahya srengenge, sapunika kabur amargi rereged lan debu. Wonten bocah alit naminipun Dido ingkang saben enjang nengga srengenge mlebet. Biasanipun cahya srengenge punika endah nalika mlebet saking jendhela. Nanging sapunika mboten katingal jelas amargi kathah debunipun. Lajeng Dido nyuwun tulung dhateng simbahipun. Simbahipun lajeng ngendikan, “Kowe pengin weruh padhange srengenge? Resikna dhisik jendhelane.” Lajeng Dido nyiram jendhela punika kalih toya lan dipun lap kalih kain. Sasampunipun bening, cahya srengenge saged mlebet lan griya punika dados sumunar lan anget.
Ing waosan Kolose punika, Rasul Paulus ngetingalaken kamulyanipun Sang Kristus minangka gegambaraning Gusti Allah ingkang mboten katingal. Ing ayat nats kita kasebataken, “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, …”. Ayat punika nedahaken supados kita mangertosi agung lan wicaksananipun Gusti Allah. Kita kedah gesang enggal ing Gusti. Kita kedah nglajengaken gesang ing pangandel, dados tiyang ingkang ngugemi kabecikan, sarta sumadya mulihaken “Padalemanipun Gusti”. “Padalemanipun Gusti” ingkang dipun maksud punika sanes papan pangibadah, nanging gesang kita piyambak ingkang dados greja. Kita ingkang kaparingan Roh Suci, mila salebeting gesang, kita kedah nebihi tumindak dosa.
Mratobat punika dados dhasar pamulihan gesang kita. Dosa ingkang ndadosaken kita tebih kaliyan Gusti kedah dipun singkiraken. Pamulihan “Padalemanipun Gusti” kedah kita lampahi kanthi setya, tresna, lan pangandel. Kita undang Gusti Yesus rawuh wonten ing satengahing gesang kita. Nalika kita mratobat lan mbangun malih ‘Padalemaning Gusti’, tegesipun kita nindakaken peran dados duta katentreman lan katresnan, lumantar sih-rahmatipun Sang Kristus. Sumangga kita mratobat lan mbangun malih ‘Padalemanipun Gusti’ ing salebeting gesang kita. Mboten namung papan pangibadah, nanging sadaya lelampahan gesang kita dados seksi bilih Sang Kristus punika Juruwilujeng kita ingkang sejati. Amin. [GSC].
“Yen kowe mulih marang Gusti, omah rohanimu bakal dipulihake.”
