21 April 2026
Waosan : Pangentasan 3 : 5
–
Satunggal wekdal kula nampi rombongan tamu Korea. Rombongan tamu Korea kalawau nindakaken maneka rupi kegiatan, ing antawisipun ibadah KKR. Nalika pangibadah dumugi perangan babaring Sabda, penerjemah tanglet kalayan kula, mekaten : ”Bapak Pendeta, punapa dipun keparengaken Pengkotbah ngagem sepatu?” Kula kaget! Lajeng mangsuli : ”Oh, mangga Bu. Boten punapa-punapa.” Saksampunipun kotbah rampung, kula migatosaken rombongan tamu Korea kalawau. Panci saben saben rombongan tamu Korea punika minggah altar greja, sepatunipun dipun uwali.
Pangentasan 3 nyariosaken timbalanipun Gusti dhateng Sang Musa. Gusti Allah kepareng nelakaken kamulyanipun dhateng Sang Musa kanthi maujud ing urubing geni. Musa mbudidaya nyaket dhateng kamulyanipun Gusti ingkang kapratelakaken. Nalika Sang Musa mbudidaya nyaketi, Gusti Allah dhawuh supados Musa nyopot trumpahipun. Sang Musa dipun pangandikani, bilih siti ing sakiwa tengenipun urubing geni wujud kamulyanipun Allah punika suci. Gusti Allah punika suci. Sok sintena ingkang badhe sowan marek ing ngarsanipun kedah kinanthen pakurmat.
Nalika tiyang pitados sowan ing ngarsanipun Gusti, kedah nglenggana bilih ingkang dipun sowani punika luhur. Awit ingkang dipun sowani punika luhur, pramila anggenipun sowan kedah kanthi pakurmat ingkang momot. Sowan Gusti boten pareng sakpikajengipun piyambak. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : badhe kesah ngibadah kedah ndonga langkung rumiyin. Saklebeting pangibadah kedah kanthi patrap ingkang trep linandhesan pakurmat. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)
