BERJUANG

BERJUANG

25 April 2026
Waosan : 1 Yokanan 3 : 3

Kula gadhah rencang kuliah saking Papua. Anggenipun kuliah wonten ing Jawi kanthi beasiswa Pemerintah Daerah. Boten namung punika, saksampunipun lulus, badhe kaparingan padamelan wonten ing salah satunggal instansi pemerintah. Emanipun, rencang kalawau anggenipun kuliah boten temen. Rencang kalawau ngginakaken beasiswa boten kangge kabetahan kuliah, ananging kaginakaken kangge kegiatan-kegiatan ingkang boten positif. Wosipun, rencang punika boten saged ngrampungaken kuliahipun. Awit boten saged ngrampungaken kuliah, matemah boten saged nyambut damel ing instansi pemerintah ingkang yektosipun sampun kacawisaken.

Tiyang ingkang manjing pitados dhateng Gusti Yesus, yektosipun sampun kawilujengaken.  Gesangipun ing donya, yektosipun minangka wekdal kangge mapag kamulyan sejati ingkang kacawisaken dening Gusti. Gesang ing donya kedah dipun isi kalayan patrap saha tumindak pagesangan ingkang selaras kalayanan kahananipun Gusti. Tiyang pitados boten pareng gesang sakepenake dhewe, awit rumaos sampun kawilujengaken. Tiyang pitados kedah gesang ing saklebeting pangurbanan lan perjuangan. Menawi tiyang ngaken pitados, ananging boten berjuang mangun pagesangan suci kadya Gusti, kapitadosanipun perlu langkung katiti.

Gesang kadya Gusti kelampahanipun boten gampil. Mujudaken gesang kadya Gusti mbetahaken perjuangan lan pangurbanan. Perjuangan lan pangurbanan mujudaken gesang kadya Gusti, kedah tansah wonten ing sakdangunipun tiyang pitados taksih wonten ing jagad. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika, kados ta : setunggal, nyathet satunggal watak awon ingkang kita gadhahi. Kalih, ndedonga nyuwun kakuwatan saking Gusti, amrih saged berjuang lan sembada nilar watak awon kalawau. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Presetyo)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline