27 April 2026
Waosan : Efesus 5:15-16
–
Wonten unen-unen ing pasrawungan mekaten: “Urip iki kaya mung mampir ngombe.” Tegesipun kirang langkung; gesang punika namung sekedhap, menawi katimbang kaliyan kawontenan jagad gumelar ingkang mamilyar-milyar warsa. Unen-unen punika ngemu pitutur bilih, wekdal ingkang sakedhap punika perlu kita gunaaken sasae-saenipun ing gesang. Kita prelu ngginaaken wekdal kanthi wicaksana lan murakabi, kangge nyamektaaken dhiri ing mangsa tembenipun. Punapa malih sampun ngantos kita kajebak ing lampah piawon. Pangandikanipun Kitab Suci mekaten: “Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter, lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.” (Efesus 5:15-16).
Panjenengan lan kula sampun kaparingan wekdal ingkang sami, kawan likur jam saben dintenipun. Namung saben tiyang benten-benten cara anggenipun ngginakaken wekdal punika. Kejawi wekdal kangge makarya, ngayahi jejibahan, wonten ingkang ngginakaken wekdal senggang kangge nggegulang ngelmu, maos, nekuni kekareman (hobby), lan sanesipun. Pangandika punika pemut tumrap kita, bilih kita sageda ngginakaken wekdal kanthi wicaksana. Ngginakaken wekdal sasae-saenipun kangge nglampahi jejibahan lan nggagas kawontenan ingkang badhe kalampahan tumrap gesang kita. Wekdal saged kita ginakaken kangge olah kasarasan, ngrimat kabagyan lan kesuksesan ing mangsa ingkang badhe kalampahan.
Ngginakaken wekdal ingkang wicaksana kados kasebat mekaten: 1. Boten ngendhe-endhe pakaryan; upaminipun, ngendhe-endhe pakaryan ngantos benjang enjang, mangka pakaryan wau saged dipunayahi ing dinten punika. 2. Ngginaaken skala prioritas; pakaryan pundi ingkang prelu dipun ayahi langkung rumiyin. 3. Damel rancangan pakaryan kanthi jinadwal. Kejawi saking punika wonten wekdal mirunggan ingkang dipun kersaaken dening Gusti Allah ing paladosan, cundhuk kaliyan kawontenan lan talenta kita piyambak-piyambak. Sabab pawartos kabingahan inggih punika Injil, kakersakaken dening Panjenenganipun supados saged wrata ing sajagad rat, kersanipun sedaya tiyang saged mangertos pawartos punika. Kanthi mekaten tumunten kathah tiyang ingkang mangertos lan ngugemi temahan manjing pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus, lan kapitulungan rahayu. Punika ingkang dados karsanipun Gusti Allah rawuh ing jagad. (Iskandar MZ)
