SINERGI, LELADI  MARANG  GUSTI

SINERGI, LELADI  MARANG  GUSTI

Jemuwah, 12  Juni 2026 Minggu Limrah

Pangentasan 4:27-31; Jabur 100; Lelakone Para Rasul 7:35-43

“Sira methuka Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras” (Pangentasan 4:27)

SINERGI, LELADI  MARANG  GUSTI

Piniji dening Gusti Allah kangge leladi kadosdene Nabi Musa punika estunipun ngremenaken, naning ugi nuwuhaken tanggel jawab ingkang boten entheng malah kepara awrat sanget. Awit saking punika, Gusti Allah tumuli ndahwuhi Rama Harun supados manggihi Nabi Musa, sung tetulung lan sacara sinergis tumut nyengkuyung leladi  kangge mimpin Umat Pilihan medal saking negari Mesir tumuju dhateng ing tanah Kanaan.

Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.” (Pangentasan 4:27). Inggih mekaten Nabi Musa lan Rama Harun lajeng makarya sesarengan sacara sinergis, kekalihinipun sumadya kaagem dening Gusti Allah. Kekalihipun lajeng ngempalake para pangarsaning umat Israel dalah nelakaken pratandha-pratandha ingkang dadosaken umat sami pitados bilih Nabi Musa punia saestu utusanipun Gusti Allah.

Piwucal ingkang kedah kita gatosaken inggih punika: (1) Gusti Allah boten nate  negakaken, mboten  ngutus piyambakan, Panjenenganipun mesthi paring mitra kangge makarya sesarengan, (2) Pribadi  ingkang manut, mituhu, lan pasrahsetya punika mbikak  margi  tumrap panglipur lan pakaryan agung Gusti, (3) Nalika umat sadaya nampi pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Musa, lajeng sami sumujud sumarah mring Gusti. Saklajengipun, kita kaatag supados “ngabekti kalawan sukarena” (Jabur 100), ngabekti dhumateng Gusti punika boten kanthi kapeksa ananging kanthi tulus lan bingah ing manah. (4) Ing salebeting nindakaken timbalanipun Gusti punika dipun betahaken kerja sama. Sumangga minangka para pandherekipun Sang Kristus kita sami  makarya sesarengan  lan makarya kanthi tatanan sinergis. Bab punika estu kita betahaken lan perlu kita kita tindakaken  kanthi permati. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline