Senen, 22 Juni 2026 Minggu Limrah1
Mikha 7:1-7; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:1-7
“Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret” (Mikha 7:2)
TIYANG MURSID TAKSIH WONTEN
Nabi Mikha mratelakaken kahanan bangsa Israel ingkang kebak tumindak ala lan tebih saking kaadilan. Awit kathahipun tiyang ala lan ambeksiya, bebasan tiyang jujur mboten wonten malih. Ingkang wonten namung tiyang-tyang ala, tiyang ingkang ngupadi pepejah. Bab menika nedahaken kawontenanipun masyarakat Israel ingkang risak, ing gesang tata kasukman ugi tata gesang sosial masyarakatipun. Kawontenan ingkang mrihatosaken ing ngarsanipun Gusti, lan mesthi Gusti mbten rena ing bab menika.
Kawontenaning bangsa lan masyarakat ingkang majeng katitik saking gesang guyub-rukunipun, sakul-sinangkul ing bot-repot, gesang ing bebener lan tansah ngupadi setya tuhu dhumateng Gusti. Gesang kagem kamulyanipun Gusti, mila umat utawi masyarakatipun ugi gesang ing bebener lan kajujuran. Tumindak ingkang kakersakaken dening Gusti, mila gesangipun binerkahan dening Gusti piyambak.
Menapa samangke taksih wonten tiyang ingkang jujur lan gesang ing bebener? Taksih wonten. Sanadyan, mbok bilih gunggungipun mboten kathah. Sak mboten-mbotenipun kita sami ngupadi gesang ing bebener lan dados tiyang jujur ing ngarsanipun Gusti. Salajengipun, kita sami ngupadi sabrayat gesang ing kajujuran, lan dados brayat Kristen ingkang katuladha ing gesang kasaenan lan kajujuranipun. Mesthinipun, lajeng ajak-ajak dhateng tetanggi lan tiyang-tiyang sanesipun sageda gesang ing bebeneripun Gusti.
Saestunipun, gesang minangka tiyang jujur mbingahaken manah. Manah sumeleh ing astanipun Gusti, gesang suka bingah tanpa kamomotan raos sumelang konangan tumindak ala. Awit mboten wonten tumindak ala ing gesangipun. Kepara kadunungan Roh Suci ingkang nyagedaken kita sami gesang ing kasucenipun Gusti salamining gesang. Kita sami mratelakaken, bilih taksih wonten tiyang mursid ing jagad menika. Amin. |*KR
