Kemis, 25 Juni 2026 Minggu Limrah
Yeremia 25:1-7; Jabur 89:1-4, 15-18; Galati 5:2-6
“Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan” (Galati 5:1)
DADOS TIYANG MARDIKA
Mardika ing babagan tata kasukman inggih menika manungsa mboten kawengku malih ing dosa, ing panguwaosing roh pepeteng. Awit, kita sami tiyang Kristen sampun nampi kamardikaning gesang, inggih menika panebusaning dosa dening Gusti Yesus, lan kita nampi kanthi gumlongging manah.
Rasul Paulus ngengetaken, kita sami ingkang sampun nampi kamardikaning gesang tata kasukman, ampun ngantos kamomotan ing pangawulan. Tegesipun, kita sami ingkang sampun nampi kawilujengan ing pakaryanipun Gusti Yesus, ampun ngantos dados kawulaning pepeteng lan roh reged malih. Ugi, kita sami ampun ngantos kamomotan dening Angger-anggering Toret. Awit Angger-anggering Toret minangka tatanan etika ing gesang padintenan, mboten dados dhasar kawilujengan. Kawilujenganipun tiyang Kristen ing asma lan pakaryanipun Sang kristus.
KIta sami saged nyuwanten sora: “Hore…, aku dadi wong mardika ing Sang Kristus”. Kawontenan ingkang mbingahaken tumrap kita sami. Nanging, dados tiyang mardika mboten ateges tumindak samardikanipun piyambak, tanpa wates pranatan.
Mardika ing tata kasukman kepara dados pancadan anggen kita sami tumindak ing bebener. Gesang sampun nampi kawilujengan, manah padhang ing dayaning Sang Roh Suci, tuwin tansah nampi panganthinipun Gusti. Mila, kita sami katimbalan gesang ing bebeneripun Gusti, gesang miturut pranatan ing pasamuwan, ugi ing madyaning masyarakat. Tansah njagi kualitasing gesang, inggih kualitas sae, unggul lan peng-pengan dados tiyang Kristen.
Sintena kemawon ngupadi kualitasing gesang ingkang sae, ingkang prayogi lan unggul, mboten ndhek-ndhekan utawi recehan. Tiyang Kristen dados tiyang mardika minangka tiyang berkualitas. Mila, mangga kapratelakaken kualitas ing gesang kanthi nyata saben dintenipun. Amin. |*KR
