KANTHI MARDIKA: MILIH BERKAH JASMANI UTAWA BERKAH ROHANI?

KANTHI MARDIKA: MILIH BERKAH JASMANI UTAWA BERKAH ROHANI?

Minggu Legi, 2 Agustus 2026

KANTHI MARDIKA: MILIH BERKAH JASMANI UTAWA BERKAH ROHANI?

Purwaning Dumadi 25:34

————————————————————————————————————————–

Bapa Iskak ibu Ribka kagungan putra kembar, kaparingan nami Esap lan Yakub. Esap lair wiwitan kanthi badan kebak rambut (wulu), lan dados juru mbebedag kang trampil trengginas. Dene adinipun Yakub lair nomer kalih. Nalika miyos, “….rayine banjur miyos astane nyepengi tungkake Esap, iku diparingi asma Yakub.”

Esap banget ditresnani dening ramane, dene Yakub banget ditresnani dening ibune.

Nuju sawijining dina nalika Yakub lagi gawe mangsakan, Esap nuli teka saka ing ara-ara, katon sayah. Esap tumuli nembung marang Yakub: “Bok aku kokwenehi mangan sing abang-abang kuwi ta, awit aku kesel.” Nanging Yakub mangsuli: “wewenangmu dadi pambarep iku dolen marang aku dhisik!” Wangsulane Esap: “Lah sedhela engkas aku bakal mati, apa kanggone duwe wewenang pambarep iku?” (Purwaning Dumadi 25:30-32)

Piwucal ingkang saged kita pendhet:

Sepisan, Bahayanipun pilih kasih tiyang sepuh dumateng lare. Minangka tiyang sepuh ampun ngantos kita langkung tresna dumateng satunggaling lare lan kirang tresna lare sanesipun. Ingkang makaten punika gampil sanget damel pecahing brayat, nuwuhke raossujana ing salebeting kulawarga.Angka kalih, saben manungsa nate ngraosaken luwe, sayah lan kacingkrangan. Wonten ing kawontenan ingkang makaten punika, ampun ngantos kita nyepelekaken lan ngremehaken bab karohanen. Hak kesulungan  (wewenanging pambarep), punika berkah karohanen ingkang inggil ajinipun ampun ngantos dipun sade diijolaken berkah kajasmanen. Sepisan malih, ampun ngantos mbucal berkah rohani namung kangge nampi berkah jasmani.

Para kadangingkang kinasih, kula lan panjenengan sampun tepang kaliyan Gusti Yesus Kristus minangka Gusti lan Juruwilujeng. Punika sami kaliyan wewenanging pambarep kanggenipun Yakub. Ampun ngantos Gusti Yesus kita sade, kita ijolke kaliyan “panganan sing abang-abang.” Ampun ngantos kita sade Gusti Yesus kaliyan punapa kemawon. Amin. (Jasmin Tribita).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline