Sabtu Pahing, 8 Agustus 2026
KAMARDIKAN: MILIH MLARAT APA SUGIH.
Wulang Bebasan 30:7-9
————————————————————————————————————————–
Mbokmenawi kita sampun nate mireng utawi maos carios Mitologi Yunani. Raja Midas satunggaling raja ingkang gung binathara sugih bandha bandhu mas picis raja brana. Raja Midas nate paring pitulungan dumateng dewa Dyonisius. Karana tumindakipun kalawau mila dewa Dyonisius badhe paring punapa kemawon ingkang dados panyuwunanipun. Raja Midas lajeng nyuwun “punapa kemawon ingkang kadumuk dening astanipun, mugiya malih dados emas.” Panyuwun punika dipun sembadani. Ing satunggaling dinten, Raja Midas nggendhong larenipun estri ingkang taksih alit, lajeng lare punika dumadakan malih dados patung emas. Tamtu kemawon Raja Midas menyesal, gela ingkang kalangkung.
Wangsul dumateng waosan Wulang Bebasan 30:7-9, ayat-ayat punika nggadhahi ancas tujuwan ingkang mulya.Piwucal ingkang saged kita pundhut:Angka satunggal, mangga sami menghindari ekstrimitas. Berkah ingkang kalangkung-langkung asring damel tiyang sombong, lajeng nyupe dateng Gusti, malah kepara rumaos mboten merlokake Gusti. Kosokwangsulipun kamlaratan ekstrem saged mbekta manungsa gesang menderita ingkang nemen, malah ugi saged tumuju dumateng raos putus-asa.Angka kalih, mangga sami mensyukurirejeki sakcekapipun(makanan yang secukupnya). Pandonganipun Sang Agur bin Yake punika senada kaliyan Donga Rama Kawula ingkang kawucalaken dening Gusti Yesus: “Kawula mugi Paduka paringi rejeki sacekapipun ing dinten punika.” Bab punika paring piwucal supados kita nggadhahi raos cekap. Fokus gesang kita inggih nyekapi kabetahan ingkang paling pokok, dede nguja nuruti hardaning hawa nafsu kadonyan.
Angka tiga, njagi integritas lan nama baik,ampun ngantos gesang kita damel nama baik kita, lan ugi nama baik Gusti tercemar. Ampun ngantos kita kecalan kesaksian hidup. Sae wonten ing kawontenan luber utawi ing kawontenan cingkrang, karakter kita kedah tetep mboten gingsir. Asmanipun Gusti kedah tetep kamulyakake wonten ing sauruting gesang kita.
Kadangkinasih, mugi renungan punika estu dados berkah kangge kita sadaya. Amin.(Jasmin Tribita).
