GESANG PUNIKA KANUGAHAN

GESANG PUNIKA KANUGAHAN

Kamis Pahing, 13Agustus 2026

GESANG PUNIKA KANUGAHAN

Yokanan 3:16; 1 Tesalonika 5:18

————————————————————————————————————————–

Ing cuplikan Pambuka Undang-undang Dasar 1945 alinea tiga dipunsebataken mekaten: “Atas berkah rahmatipun Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos……”. Dipunakeni bilih kamardikan bangsa Indonesia punika awit saking berkah lan kanugrahanipun Gusti Allah. Mekaten ugi sejatosipun gesang punika kanugrahan, awit sadaya kabetahan manungsa punika dipuncekapi dening Gusti Allah. Wiwit saking sandhang, tedha, hawa kangge ambegan lan kabetahan gesang punika dipuncekapi dening Panjenenganipun. Malah kepara gesang ingkang badhe kalampahan ing jaman kalanggengan mangke, panjenengan lan kula sampun kacadhangaken gesang langgeng ing swarga mulya. (saged kawaos ing Yokanan 3:16).  

            Ing pangrembakanipun gesang salajengipun, manungsa ngajengaken prekawis lan kabetahan maneka warni lan rowa (kompleks). Miturut Abraham Maslow kabetahan manungsa wonten gangsal tataran: 1. Fisiologis: (ambegan, minum, tedha), 2. Raos aman lan slamet (sandhang, kasarasan, sejahtera), 3. Sosial (sesambetan sae kaliyan tiyang sanes, kempalan), 4. Pakurmatan (dipun-aosi ajining dhiri lan kaprigelanipun), 5. Aktualisasi dhiri (nuwuhaken kamampuanipun piyambak lan ngrembakaaken). Pramila ing salajengipun gesanging manungsa punika kathah wontenipun patembayan (persaingan) ing lampah gesangipun. Ndadosaken saben tiyang mbudidaya supados langkung onjo lan unggul tinimbang sanesipun, supados ngangsalaken kalodhangan lan asil ingkang langkung kathah. Mangka sejatosipun kalenggahanipun manungsa punika sami ing ngarsanipun Gusti Allah.

            Awit gesang punika kanugrahan panjenengan lan kula prelu nglenggana bilih gesang kita namung gumantung dhumateng Gusti Allah ingkang paring gesang, sae gesang ing jagad punika punapa dene gesang ingkang badhe kalampahan ing alam kelanggenangan. Pramila gesang manungsa punika sejatosipun prelu tansah sumaos ing ngarsanipun kanthi panuwun ing sedaya kawontenan. Supados boten ngantos kesupen kaliyan kanugrahan ingkang sampun kita tampi. “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.” (1 Tesalonika 5:18). Kanthi tetales pangandika punika, gesang punika namung kagem kamulyanipun Pangeran, kanthi nyaosaken tenaga, pikiran lan gesang sawetahipun kagem Panjenenganipun minangka wujuding panuwun ing ngarsanipun.(Iskandar MZ)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline