PERINTIS BUKAN PEWARIS

PERINTIS BUKAN PEWARIS

Sabtu Wage, 15 Agustus 2026

PERINTIS BUKAN PEWARIS

Rum 8:17

————————————————————————————————————————–

Kula asring manggihi seratan ing bak truk, ingkang ungelipun: “PERINTIS BUKAN PEWARIS”. Seratan niku kinten-kinten kepengin ngandharaken bilih ingkang gadhah truk punika perjuanganipun awrat. Utawisaged ugi kepengin ngandharaken bilih anggenipun saged gadhah truk karana dilabuhi rekaos ingkang saestu. Saged ugi seratan punika mengku karep, mekaten: “Truk iki lehku tuku dhewe, asil perjuanganku. Dudu warisan.” Panci wonten satunggal pamanggih bilih tiyang ingkang pikantuk warisan punika boten purun berjuang. Uripe kepenak, boten punapa-punapa sadaya sampun wonten. Boten mokal menawi wonten unen-unen “warisan iku yen ora waris bakale ilang.” Punapa sababipun? Pewaris punika boten berjuang kados ingkang paring warisan.

            Para kagunganipun Gusti punika sinebat para ahli waris Kratoning Allah. Ananging minangka ahli waris, para kagunganIpun Gusti boten pareng gesang sakpikajengipun piyambak. Sakdangunipun gesang wonten ing jagad, para kagunganipun Gusti kedah wantun gesang rekaos. Gesang rekaos awit anggenipun mabeni dosa ing saben dintenipun. Wantun rekaos awit anggenipun gesang selaras kalayan jati dhirinipun minangka warga Kratoning Allah. Lekas punika sampun langkung rumiyin katindakaken dening Sang Kristus, anggenipun nglampahi sangsara nindakaken pakaryan kawilujengan. Kadya Gusti Yesus Kristus ingkang sampun mahanani para pitados dados ahli waris Kratoning Allah, wantun nandhang kasangsaran; mekatena ugi para pitados kedah wantun ndherek nandhang kasangsaran. Ancasipun punapa? Amrih ngraosaken kamulyan, wujudipun warisan Kratoning Allah, sesarengan kalayan Gusti Yesus Kristus.

            Tiyang Kristen punika ahli waris Kratoning Allah. Pramila tiyang Kristen boten ngemungaken nampi warisan kamulyan, ananging ugi kedah ndherek nandhang kasangsaran ing jagad ingkang kelampahanipun namung sakwetawis. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta: ampun nggersula nalika nampi kasangsaran awit anggen kita nyepengi iman. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline