KAPUSAN NAMUNG NINGALI BLEGERIPUN

KAPUSAN NAMUNG NINGALI BLEGERIPUN

Selasa Pahing, 18 Agustus 2026

KAPUSAN NAMUNG NINGALI BLEGERIPUN

Lukas 10:33

————————————————————————————————————————–

Satunggal wekdal kula ngeteraken semah blanja dhateng warung sayur lengganan.  Rikala kula dipun taros mbetahaken punapa lajeng kula ngucap “jahe”.  Wonten 2 jiinis jahe ingkang kula mangertosi, inggih punika jahe gajah kaliyan jahe emprit.  Jahe gajah punika wujudipun ageng.  Rencang ingkang damel manisan jahe milih jinis jahe punika, awit sinaosa mboten patosa pedhes ananging gampil menawi dipun belah utawi dipun iris-iris.  Jahe emprit punika wujudipun alit, ananging pedhesipun mboten kantenan, menawi lombok makaten kados dene lombok rawit.  Kula lajeng milih jahe gajah ingkang wujudipun ageng-ageng punika.  Biasanipun jahe punika kula gecak lajeng kula godhog, toyanipun lajeng kula damel wedang campur kopi, tamtunipun sampun dipun godhog rumiyin ngantos umub.

Dereng dangu punika semah ngraosaken penyakit asam lambungipun kimat.  Awit pangertosan saking internet lajeng kula mendhet sere ing ngajengan griya kula godhog kaliyan ‘jahe’ ingkang sampun kula gecak.  Namung kemawon rikala jahe punika kula godhog ambetipun kok radi benten.  Semah kula ugi wicanten kados makaten.  Satunggal wekdal ‘jahe’ ingkang kula anggep jahe gajah punika kula rajang, pamrihipun badhe dipun godhog.  Ananging rikala kula ambet, kok ambetipun kados kencur.  Radi mboten pitados, kula tedahaken dhateng semah.  Lho kanyatan mboten jahe, ananging kencur.  Wah kapusan apa salah njupuk pas neng warung kae?  Kula kinten jahe…eee malah kencur.

Rikala tiyang ningali wujudipun tiyang Farisi lan Imam Saduki ingkang sadayanipun punika ngagem rasukan ingkang mirunggan ingkang nedahaken punika priyantun ingkang mumpuni ing babagan agama sarta solah santun ingkang sae ingkang saged dados panutan umat ananging ing waosan punika malah tumindakipun benten sanget kaliyan angen-angenipun tiyang kathah.  Rikala wonten tiyang ingkang dipun rampok ing tengah margi saha bandhanipun dipun rampas ingkang saestu mbetahaken pitulungan, tiyang Farisi lan Imam Saduki punika namung ningali lan mboten paring pitulungan.  Ananging kosokwangsulipun, tiyang Samaria ingkang katelah tiyang kafir ingkang mboten tepang kaliyan agami punika malah ingkang lajeng paring pitulungan lan mbekta dhateng tiyang ingkang nandhang kasisahan punika dhateng papan pengobatan.  Tiyang Samaria punika ingkang dipun alem Gusti Yesus awit katresnanipun.

Samangke nembe model tiyang pitados lan ugi abdinipun Gusti ingkang mawi rasukan saha rerengganipun mawi salib ageng lan sanes-sanesipun.  Bab punika sae lan mboten lepat.  Ananging mugi sami mangertos bilih rerenggan lan rasukan tanpa nedahaken katresnanipun Gusti lan tumindak asih mring sesami punika namung apus-apus.  Blegeripun kemawon ingkang katingal endah nanging kasunyatanipun mboten.  Kados dene kencur ingkang blegeripun kados dene jahe gajah, namung nyatanipun dede. (Suyito Basuki).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline