Selasa Wage, 25 Agustus 2026
TANSAH NINDAKAKEN PERJUANGAN IMAN
Pangandharing Toret 34:1 – 9; Galatia 5 : 1
————————————————————————————————————————–
Ari 17 Agustus 1945 dinten kamardikan bangsa Indonesia. Kamardikan punika kelampahanipun boten awit pawewehipun bangsa liyan. Kamardikan punika kelampahanipun minangka wohing perjuangan para leluhur. Perjuangan ingkang ngetohaken prabeya awis nyrambahi, bandha donya, wekdal, pikiran tenaga lan ugi nyawa. 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia mardika. Bakda kamardikakaken, punapa ingkang badhe kelampahan tumrap bangsa Indonesia? Ingkang badhe kelampahan gumantung kalayan punapa ingkang katindakaken dening bangsa Indonesia pribadi. Bangsa Indonesia badhe nemahi kasangsaran menawi bakda mardika nindakaken samukawis perkawis ingkang boten cetha lan sapikajengipun piyambak. Bangsa Indonesia badhe nemahi kamulyan menawi bakda mardika tetep nindakaken perjuangan mbudidaya saged kelampahanipun ancasing kamardikan.
Pangandharing Toret 34 : 1 – 9 nyariosaken paripurnanipun paladosaning Sang Musa. Saksampunipun berjuang ngluwari bangsa Israel saking negari Mesir, kalajengaken ngirid lampahipun bangsa Israel ing ara-ara kawan dasa warsa. Tanggung jawabipun Sang Musa kabiji rampung dening Sang Yehuwah Allah. Saklajengipun, Gusti nimbali Sang Yosua kangge leladi ngirid lampahipun bangsa Israel, lumebet ing tanah prajanjen. Boten namung ngirid lumebetipun, ananging ugi mranata pagesanganipun bangsa Israel saklebeting tanah prajanjen. Kalih jejibahan punika sami sami awratipun. Pindhanipun perjuangan Musa punika mardikakaken bangsa Israel; perjuanganipun Yosua punika ngisi kamardikan ingkang sampun dipun gadhahi. Musa perjuanganipun awrat, mekaten ugi Yosua tanggel jawabipun awrat. Ingkang utami, bangsa Israel kedah berjuang sakdangunipun kapimpin dening Musa, kalajengaken kapimpin dening Sang Yosua, lan saklajengipun.
Gusti Yesus sampun paring kamardikan saking dosa tumrap para timbalanipun. Saksampunipun nampi kamardikan, para timbalanipun gesang minangka tiyang mardika; para timbalanipun Gusti boten lajeng enak kapienak urip sakarep e dhewe. Rasul Paulus paring pangatag supados para timbalanipun ngadeg jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan dosa. Tegesipun: sepisan, Gusti sampun paring kawilujengan ingkang awis ajinipun, wujudipun pangurbananipun Sang Kristus. Kalih, tiyang Kristen kedah berjuang nggondheli imanipun saha berjuang amrih gesangipun trep kalayan timbalanipun Gusti. Perjuangan ngisi kamardikaning iman punika boten wonten rampungipun. Wujudipun perjuangan ngisi kamardikaning iman inggih punika mangun kadiwasaning iman. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : aja dikendhoni le ngabekti. Disengkud! Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo).
