Kemis, 8 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 22:1-8a ; Jabur 23; 1 Petrus 5:1-5, 12-14
PANGARSA KANG ORA CIDRA
“Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi” (1 Petrus 5:2)
————————————————————————————————————————–
Wonten ing salebeting mangsa kampanye, asring sanget tiyang ingkang dados calon anggota legislatif utawi calon pemimpin punika nelakaken janji-janji ingkang manis, ingkang saged mendhet simpati saking masyarakat. Janji-janji punika kadosdene magnet ingkang njalari tiyang kathah lajeng milih tiyang punika minangka pangarsa. Ananging saksampunipun Pemilu lan nampi kalenggahan, kathah ingkang mblenjani janji. Mila kathah ingkang boten pitados kaliyan janjinipun para calon anggota legislatif punika, awit limrahipun manungsa gampil mblenjani janji.
1 Petrus 5 punika mujudaken piwucalipun Petrus bab kadospundi kedahipun madeg minangka pangarsaning umat. Tiyang-tiyang ingkang kapiji minangka pangarsa punika kedah mapanaken dhiri kadosdene pangen lan umat mendanipun, sanes kadosdene pangarsa lan kawula. Sauger pangarsa punika mapanaken dhiri minangka pangen, temtu ngeman lan kanthi prayogi ngrimat para menda kagunganipun. Makaten ugi ingkang dipun reh, boten badhe rumaos ajrih lan sumelang amargi mangertos menawi pangarsanipun boten sulaya lan cidra.
Perangan punika dados pepenget tumraping kita ingkang madeg minangka para pelados ing gereja. Minangka tiyang-tiyang ingkang nampi ayahan mirunggan wonten ing pasamuwan, kalenggahan punika kedah kagem lelados dhateng Gusti Allah srana ngrimati menda kagunganipun. Gereja sampun ngantos namung menggalih babagan pisungsung ingkang kathah, gedung greja ingkang endah, ananging kesupen ngrimat gesang karohanen para kagunganipun Gusti Allah.
Sumangga sami lelados kanthi tulusing manah, sanes amargi pados pakurmatan punapa malih pados keuntungan saking peladosan ingkang kita tindakaken. |*WAS
