Senen, 12 Oktober 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 19:7-20; Jabur 34; Yudas 1:17-25
”KAWIGATOSAN DHATENG SESAMI”
”Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu. Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni” (Yudas 1:22-23a)
————————————————————————————————————————–
Jaman punika sangsaya majeng ananging manungsa karaosaken sangsaya boten preduli (cuek) dumateng sesaminipun. Kedahipun teknologi punika saged ngraketaken pasedherekan lan mbiyantu kangge sesambetan kaliyan ingkang mapan ing katebihan. Ing kasunyatanipun, media sosial boten dados sarana mangun pasrawungan malih, ananging dados sarana kangge pamer lan ngagul-agulaken kawontenanipun piyambak. Kawigatosan dhateng tiyang sanes kaanggep minangka “pelanggaran privasi”. Menawi kados makaten, kadospundi kita saged nelakaken katresnan kita dhateng sesami?
Yudas 1:22-23a mbereg kita sadaya supados purun migatosaken sesami kita. Perkawis punika wigatos awit kawontenaning donya wekdal samangke ndadosaken tiyang gampil kapilut dening rohing kadonyan ingkang nebihaken saking Gusti Allah. Timbalan tiyang pitados inggih punika ngiyataken sesami ingkang taksih mangu-mangu lan ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan. Ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan ateges kita sampun ngemutaken tiyang punika supados nebih saking paukuman langgeng ing tembe wingking.
Tiyang pitados tinimbalan supados andum katresnan srana migatosaken kawontenaning sesami. Menawi ita namung mendel kemawon kepara malah mboten perduli dhateng kawontenan sesami- ateges kita boten andum katresnan. Kita saged kemawon ngaturaken maneka warni pawadan supados boten prelu migatosaken sesami kita. Ananging punapa katresnan punika saged kalampahan tanpa kawigatosan? Taksih kathah tiyang ingkang lumampah ing marginipun kadurakan, lan kita ingkang kedah ngemutaken bab punika. Taksih kathah tiyang ingkang mangu-mangu lan mbetahaken katuntun dhateng margi ingkang sejati. Taksih kathah malih tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, lan kita boten saged mitulungi tanpa paring kawigatosan dhateng sesami kita. | WAS
