Ahad, 18 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 45:1-7; Jabur 96:1-9, (10-13); 1 Tesalonika 1:1-10; Mateus 22:15-22
PANYARUWE DHATENG PANGARSA
”Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.” (Mateus 22:21b)
————————————————————————————————————————–
Wonten ing satengahing masyarakat, kita saged mrangguli wontenipun golongan ingkang boten pitados dhumateng pamarentah utawi pangarsaning negari. Nalika pamarentah ngedalaken satunggaling pranatan, lajeng enggal-enggal nyaruwe. Kamangka, dereng tamtu tiyang punika saged lan kiyat nggentosi kalenggahan punika. Kalamangsanipun tiyang punika gampil sanget nyaruwe kawontenan pamarentahan tanpa nyengkuyung pambudidayanipun pamarentah anggenipun mranata negari.
Injil Mateus 22:21b ngemutaken kita babagan kawajiban dhateng negari lan bab panyengkuyung dhateng para pangarsaning nagari. Mranata negari ingkang ageng kadosdene Indonesia punika boten gampil. Mila, para pangarsa mbetahaken panyengkuyung saking sedaya warganing negari. Kadosdene anggen kita mituhu dhateng Gusti, makaten kita kedah sumuyud dhateng pamarentah negari. Pamarentah negari punika ugi utusan saking Gusti Allah kangge mranata gesang sesarengan. Pamarentah ugi kedah menggalih kathah perangan ingkang kalamangsanipun satunggal lan satunggalipun cengkah amargi kapentingan politik.
Kadospundi manawi pangarsa ingkang mimpin punika nindakaken kalepatan utawi ngedalaken pranatan ingkang karaos boten ndadosaken karaharjaning negari? Wonten ing nagari dhemokrasi punika, sedaya warga negari kagungan hak kangge nyaruwe, ananging panyaruwe ingkang sipatipun mbangun, sanes panyaruwe ingkang namung saderma maido. Bilih namung maido tanpa urun pamrayogi, sami kemawon kita boten paring pakurmatan dhateng pamarentah. Bilih namung saderma nyaruwe, kita sami kemawon kaliyan tiyang ingkang boten tanggel jawab. Nalika kita nyaruwe kawontenan pamarentahan, kedah kanthi ajrih asih lan sesarengan ngudi kasaenaning nagari, boten supados kita ketingal preduli ananging tanpa pambudidaya lan aksi. |*WAS
