MBANGUN MITURUT SUMBER KAWILUJENGAN LAN KAMULYAN

MBANGUN MITURUT SUMBER KAWILUJENGAN LAN KAMULYAN

Rabu, 25 November 2026

Waosan : Yehezkiel 33 : 7 – 20    |     Pamuji : KPJ. 71

————————————————————————————————————————–

“Dene sira, he, anaking manungsa, sira Sundadeake penjagane para turune Israel.

Samangsa sira krungu pangandikaningSun, wong-wong iku padha elingna

atas asmaningSun.” (Ayat 7)

MBANGUN MITURUT SUMBER KAWILUJENGAN LAN KAMULYAN

Kacarita pak Tani nanem pantun kanthi setya manut mangsa. Piyambakipun nanem pantun ing titi mangsanipun, ngrimati kanthi tumemen, lan sabar ngrantos asilipun panen. Nalika piyambakipun manut aturan alam, tamtu badhe ngasilaken woh panen ingkang kathah. Kosokwangsulipun, menawi piyambakipun nglirwakaken titi mangsa tanem pantun, piyambakipun saged rekasa, gagal, lan mboten panen. Mekaten ugi kaliyan gesangipun manungsa: nalika setya, manut, lan mbangun miturut karsanipun Gusti Allah, gesangipun saged ngasilaken berkah lan ngedalaken woh kamulyan.

Gusti Allah netepaken Yehezkiel dados nabi ingkang njagi umat Israel (Yeh. 33:7). Tugasipun paring pepenget nalika wonten ancaman lan bebaya supados umat Israel punika saged manggih kawilujengan. Kosokwangsulipun, menawi piyambakipun nglirwakaken tugas tanggel jawabipun, punika saged mbekta karisakan dhateng gesangipun umat. Prekawis punika nedahaken bilih saben tiyang ingkang dipun timbali Gusti, nggadhah tanggel jawab supados setya nindakaken tugasipun. Manut miturut dhumateng Gusti punika kedah dipun lampahi kanthi setya lan sumadya nindakaken karsan-Ipun. Pepengetipun Gusti Allah lumantar nabi Yehezkiel dhateng umat Israel punika nedahaken bilih Gusti Allah punika Gusti ingkang maha tresna lan kebak sih rahmat. Gusti Allah mboten remen umat-Ipun punika manggihi pati, ananging Panjenenganipun ngersakaken umat-Ipun punika mratobat lan gesang. Tegesipun, Gusti Allah karsa mulihaken sadaya tiyang lumantar pamratobat lan pambangun turut dhumateng Panjenenganipun.

Minangka umatipun Gusti Allah, kita kedah ngaturaken panuwun sokur awit sampun dipun tresnani dening Gusti Allah. Minangka umat-Ipun Gusti, kita namung dipun suwun supados setya lan mbangun miturut karsan-Ipun. Pramila mangga kita tansah ngestokaken karsanipun Gusti punika, lumantar kasetyan lan pambangun miturut kita dhumateng Gusti, punika ingkang dados margi kita nampeni kawilujengan lan berkah saking Gusti. Amin. [BK].

“Mangga kita tansah setya manut Sabdanipun Allah, awit Gusti Allah piyambak

ingkang nganthi kita dhateng kamulyan sejati.”

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline