“Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip” (Yokanan 8:12)
Mangga kita bayangaken, menawi boten wonten pepadhang ing jagad punika. Kawontenanipun namung peteng lan temtu boten wonten pagesangan, awit titah ingkang gesang punika betahaken pepadhang. Pramila Gusti Allah damel pepadhang ing wiwitaning pakaryanipun (Purwaning Dumadi Wontenipun padhang nyagedaken tiyang kangge mirsani lan obah. Gusti Yesus nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu pepadhanging jagad. Gusti Yesus ugi paring prasetya, sok sintena ingkang ndherek Panjenenganipun, boten badhe dipun kuwaosi dening pepeteng awit Gusti badhe maringi padhanging gesang.
Gusti Yesus sampun nindakaken kathah pakaryan ing satengahing jagad punika: paring piwucal yekti, nyirep prahara, nyarasaken tiyang sakit, nundhung demit, paring tedhi dhateng tiyang kathah, nelakaken katresnan dhateng tiyang ingkang ringkih lan papa. Bab punika dadosaken kathah tiyang sami pitaken bab sinten ta panjenenganipun punika ngantos saged nindakaken bab-bab kados mekaten.
Gusti Yesus sampun nelakaken jatidhirinipun. Emanipun kathah ingkang boten pitados, mliginipun para pangarsaning agami Yahudi, kadosta tiyang-tiyang saking golongan Farisi. Para Farisi punika nampik paseksenipun Gusti Yesus, tumrap tiyang-tiyang punika, paseksinipun Gusti Yesus punika boten sah lan tanpa dhasar. Sadaya punika kalampahan amargi para Farisi punika njeksani namung miturut ukuraning manungsa (ayat 15).
Pancen, saben tiyang ingkang namung ngginakaken nalar budi lan nampi paseksinipun Gusti kanthi ukuraning manungsa, temtu angel anggenipun badhe pitados dhumateng Sang Kristus. Ananing kita sami ingkang sampun pitados lan nampi Gusti Yesus, Sang Padhang punika, sumangga tansah gesang ing salebeting pepadhangipun Gusti. Nyirik piala, mbudidaya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi pitulunganipun Gusti. Amin. |*EW
