PURUN MRATOBAT

PURUN MRATOBAT

1 Para Raja 21:17-29; Jabur 119:161-168; 1 Yokanan 4:1-6

“Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan” (1 Para Raja 21:27)

PURUN MRATOBAT

Sanadyan Prabu Akhab keblinthuk dening Izebel semahipun, nyrobot kebon angguripun Nabot, nanging pungkasanipun purun mratobat. Prabu Akhab ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti, kanthi pralambang nyuwek-nyuwek pangagemanipun lajeng ngagem busana bagor, tuwin siyam. Mratandhani gesangipun wonten kotoripun, ingkang mboten damel renanipun Gusti, mila lajeng ngasoraken gesangipun lan mratobat.

Mratobat minangka tumindak sae ing gesanging manungsa. Manungsa ingkang swaunipun sesarengan kaliyan si dosa, gesang ing prekawis ala lajeng “balik kanan”, nilar si dosa lan tumindak-tumindak alanipun. Lajeng nyelak kaliyan Gusti, ngadhep dhumateng Gusti menapa dene setya dhateng pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang mratobat mboten cathuk lawung malih kaliyan si dosa, awit samangke sampun dados pendherekipun Gusti. Mboten dados abdinipun si iblis malih.

Tumindak mratobat dados tumindakipun sedaya manungsa ing ngarsanipun Gusti. Mboten wonten benten-bentenipun, inggih tiyang sugih-mlarat, tiyang kutha-ndesa, para pejabat-masyarakat limrah, menapa dene warga dewasa lan putra. Rikala manungsa dhumawah tumindak dosa sageda enget ing dosanipun, lajeng enggal nilar dosa wau lan mratobat, gesang ing bebeneripun Gusti.

Manungsa ampun ngantos gumunggung ing kasaenanipun, menapa dene rumaos sampun sae tanpa kalepetan dosa. Tiyang ingkang mekaten menika dados tiyang munafik ingkang gesang ing apus-apus. Bebasan bathang ingkang mambet, nanging dipun bungkus kain ingkang sae lan dipun semprot parfum. Mila, gandanipun “semerbak”, wangi, sanadyan aslinipun mboten mekaten. Tiyang ingkang ala lan tumindak dosa, sageda purun ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti. Purun mratobat, wangsul ing margi bebeneripun Gusti. Ampun ngantos dados tiyang munafik.

Mratobat menika minangka tumindak kinurmatan ing ngarsanipun Gusti. Sageda katindakaken kanthi gumolonging manah. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline