Senen, 29 Juni 2026 Minggu Limrah
1 Para Raja 21:1-16; Jabur 119:161-168; Tesalonika 4:9-12
“Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sanget anggen kawula remen.” (Jabur 119:167)
NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI
Kathah ingkang mralambangaken pangandikanipun Gusti minangka dilah ingkang madhangi lampahing tiyang pitados, minangka tetedhan kasukman ing ndamel tuwuking tata pitados. Sedayanipun menika leres lan sageda katampi kanthi suka bingah. Pralambang wau prayogi tumrap sedaya manungsa, supados manungsa tansah celak kaliyan pangandikanipun Gusti ing sauruting gesangipun.
Ingkang langkung wigatos tumrap warganing pasamuwan inggih menika nindakaken pangandikanipun Gusti. Tiyang Kristen minangka tiyang pitados purun nindakaken dhawuhipun Gusti ing sauruting gesangipun. Kados ingkang dados kekidunganipun Prabu Dawud “Kawula ngestokaken dhawuh pepenget Paduka”. Ngemu teges kawula purun nindakaken menapa ingkang dados dhawuh-dhawuhipun Gusti. Kawula mboten nebih saking pangandikanipujn Gusti, kepara kawula celak, tansak celak lan tansah nindakaken pangandikanipun Gusti.
Kejawi menika, mesthinipun nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi suka bingah lan gumolonging manah. Ampun ngantos nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi kapeksa lan awrating manah. Menawi taksih ngraosaken kapeksa saha awrating manah, ateges dereng saged ngraosaken “ecanipun” dhaharan pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti “eca” ndamel panglipuran lan suka bingah, ndamel tentrem rahayu lan wilujeng, ndamel gesang nggadhahi pangajeng-ajeng ing tembe wingking, mboten semplah ing manah.
Ing gesang tata lair manungsa saged remen dhaharan upaminipun sate ayam, garang asem, ayam tim, utawi namung bothok. Mekaten ugi gesang tata kasukman, sageda remen tumrap pangandikanipun Gusti. Rikala pangandikanipun Gusti nuding lepatipun manungsa sageda katampi bebasan sambel trasi ingkang pedhes nanging ngangeni. Pangandikanipun Gusti nimbali mratobat, sageda katampi minangka pralambang jamu pait ingkang ndamel kiyating tata kasukman. Mila, pangandikanipun Gusti dipun tampi kanthi suka bingah lan gumolonging manah. Amin |*KR
