PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG

PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG

Setu, 27 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 28:1-4; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4

“Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun. Ingsun wus supaos marang Dawud abdiningSun.” (Jabur 89:4)

PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG

Kadosdene kawontenanipun Gusti Allah punika langgeng, prajanjinipun Gusti dhumateng manungsa ugi langgeng. Prajanjen ingkang nedahaken panguwaosipun Gusti, ingkang mboten saged dipun jajagi dening manungsa. Contonipun, bab ingkang kapratelakaken dhateng abdi pilihanipun, inggih Prabu Dawud.

Prajanjenipun Gusti Allah dhateng Prabu Dawud, inggih menika: dhamparing krarajanjipun ing salami-laminipun, sarta kaparingaken ngantos turun-tumurun (Jabur 89:5, 2Samuel 7:13). Karajan ingkang dados peparingipun Gusti mboten bab tata lair, karajan politis ingkang wonten ing jagad menika. Nanging karajan tata kasukman, inggih karajan langeng ing kaswargan.

Gusti Allah paring pameca bab turunipun Prabu Dawud ingkang lenggah ing karajan tata kasukman, inggih Gusti Yesus. Panjenenganipun minangka Ratuning kawilujengan ingkang mbirat dosa-dosaning manungsa. Ratu ingkang langgeng, ingkang maringi kawilujengan tumrap sedaya titah ing jagad menika menapa dene ing swarga, kangge wekdal samangke ugi ing salaminipun. Prajanjenipun Gusti Allah langgeng kangge salaminipun tumrap sedaya manungsa lan sedaya titah.

Prajanjenipun Gusti tumuju dhateng sedaya tiyang pitados. Rikala tyang pitados ndherek lan pitados dhateng Gusti Yesus, prajanjen langgeng peparingipun Gusti rumasuk ing gesangipun. Minangka tiyang pitados, sedaya tiyang Kristen nampeni kawilujengan lan katentreman ing jagad menika, ugi rikala seda nampi sih nugraha ing swarga.

Ing tata kasukman, sedaya tiyang Kristen minangka trahipun prabu Dawud. Trah lumantar Gusti Yesus, ingkang dados turunipun Sang Prabu Dawud. Trah ingkang mbingahken, ingkang kedah dipun jagi salamining gesang. Ateges minangka timbalan: mangga tansah nggadhahi kapitadosan ingkang mboten nate telas dhumateng Guti Yesus minangka Juru Wilujenging jagad. Kapitadosan ingkang dados margining kawilujngan langgeng peparingipun Sang Kristus. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline