SAMPUN UWAL SAKING DOSA

SAMPUN UWAL SAKING DOSA

Ahad, 28 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 28:5-9; Jabur 89:1-4, 15-18; Rum 6:12-23; Mateus 10:40-42

“Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng” (Rum 6:22)

SAMPUN UWAL SAKING DOSA

Tiyang pitados punika sampun uwal saking dosa. Gusti Allah, ing pakaryanipun Sang Kristus nguwalaken manungsa saking dosa-dosanipun. Sedaya menika saged kelampahan, awit manungsa pitados dhateng Gusti Yesus, tuwin Gusti Yesus mbirat sedaya lepat lan dosaning manungsa.

Prekawis menika minangka sih nugrahanipun Gusti dhateng manungsa. Sampun kelampahan nyata ing gesanging manungsa. Ateges, sedaya tiyang Kristen sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus. Nampi gesang wilujeng ing jagad, menapa dene nggadhahi pangajeng-ajeng gesang mulya ing kaswargan. Mila, sageda mongkog dados tiyang Kristen. Suka bingah tuwin bombong dados pendherekipun Sang Kristus.

Kawontenan ingkang mekaten ampun ngantos dados margining gumunggung, dupeh sampun nampi uwal saking dosa. Gumunggung ingkang ndadosaken kesupen ing kahanan, lajeng kepleset tumindak ala lan ngala-ala tiyang sanes. Gumunggung ingkang ndadosaken dhumawah ing dosa lan gesang ing kadosan malih. Kawontenan ingkang mrihatosaken minangka tiyang Kristen. Kenging menapa tiyang Kristen dhumawah ing dosa malih, dados abdinipun si dosa malih? Ampun ngantos!

Tiyang Kristen nggadhahi gesang ingkang bermutu utawi berkualitas. Gusti Yesus ingkang maringi gesang bermutu tuwin berkualitas wau. Tegesipun, Tiyang Kristen katimbalan dening Gusti supados gesang ing kasaenan, bebener lan kawilujengan awit kadunungan Rohing Bebener ing gesangipun. Tiyang Kristen sageda njagi kualitasing gesang ing pamanggih, wicantenan, ugi tumindak ing gesang saben dintenipun. Kualitas ingkang sae, mboten endhek-endhekan.

Bebasan kebo ingkang sampun kaguyang dening pak Tani, mboten wonten blethokipun malih, sampun resik saking blethok. Mekaten ugi tiyang Kristen ingkang sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus, uwal saking blethoking dosa. Ampun tumindak dosa malih, ampun balik ing blethoking dosa malih. Sageda gesang enggal ing bebeneripun Gusti. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline