KUDU KOKAPURA

KUDU KOKAPURA

Jemuwah, 26 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 25:8-14; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4

“Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.” (Lukas 17:4)

KUDU KOKAPURA

Gusti Yesus paring piwucal bab ngapunteni dhateng tiyang sanes. Ing Injil Mateus 18:21-22 sinerat ngapunteni dhateng sesami ngantos kaping pitung dasa ping pitu. Menawi petangan angka pinanggih kaping 490. Nanging, menapa ta intinipun ngapunteni dhateng tiyang sanes?

Ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ngemu teges, sepisan, nindakaken pakaryan ingkang dados karsanipun Gusti Yesus, nuladha Gusti Yesus ingkang sampun ngapunteni kalepatan kita sami. Kaping kalih, mratelakaken kualitasing gesang. Tetiyang ingkang ngapunteni lepatipun tiyang sanes mratelakaken kualitasing gesang ingkang mumpuni. Dene tiyang ingkang dipun apunteni lepatipun dipun bikak kori kualitasing gesang ingkang sae, kepara dados tiyang mumpuni ugi.

Kaping tiga, tetiyang ingkang tumindak apunten-ingapunten mratelakaken gesang nyata ing karukunan. Saderengipun saged kelampahan gesang ing sesatron, jothakan, nanging candhakipun kagantos ing karukunan, guyub-rukun, pasedherekan, ugi memitran ingkang rumaket. Gesang ingkang kadunungan Roh Suci, Roh Karukunan, ingkang ndadosaken manungsa gesang ing guyub-rukun lan pasedherekan.

Tetiyang ingkang paring pangapunten dhateng tiyang sanes mbetahaken longgaring manah. Ing madyaning masyarakat wonten tetembungan “jembar segarane”, ingkang mratelakaken manahing manungsa ingkang jembar pindha samodra ingkang saestu wiyar. Tiyang ingkang purun ngapunteni dhateng sesami saestu nggadhahi manah ingkang wiyar pindha samodra. Dados tiyang ingkang sabar, tiyang ingkang kadunungan rohing kasabaran, inggih Roh Suci.

Ngapunteni kaping 70 ping pitu mboten ateges ngapunteni kaping 490. Nanging tegesipunngapunteni tanpa winates, kanthi gumolonging manah, tanpa raos nggrundel ing manah. Mila, tiyang ingkang keduwung lan purun ngakeni lepatipun, katampia kanthi gumolonging manah. Dipun tampi malih minangka sedherek lan gesang guyub-rukun. Amin |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline