Rebo, 24 Juni 2026 Minggu Limrah
Yeremia 38:1-13; Jabur 6:1-11; Mateus 10:5-23
“Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono” (Yeremia 38:6)
PITULUNGANIPUN GUSTI TANSAH MAWUJUD
Saestu mrihatosaken. Nabi Yeremia ingkang meca bab kawontenanipun Bangsa Yehuda malah dipun cepeng, lajeng dipuncemplungaken ing sumur asat ingkang kebak lendutipun. Kanthi pangajab ngukum lan ngupadi sedanipun sang Nabi. Awit pamecanipun mboten jumbuh kaliyan pamanggihipun ara pangagenging bangsa.
Pamecanipun Nabi Yeremia cetha, sageda umat medal saking kutha supados luwar saking pageblug dumugining pejah. Awit kutha Yerusalem badhe dipunrayah lan dipunkuwaosi dening Bangsa Babel, krana dosa-dosanipun. Nanging para pangagenging bangsa salah tampi. Salajengipun munjuk dhateng Sang Prabu Zedhekia, sageda sang Nabi dipunukum pejah kemawon. Mila, lajeng kedadosan kados ing nginggil wau.
Menapa Nabi Yeremia saestu dumugining pejah? Mboten. Gusti Allah ingkang dipunsuyudi mboten negakaken sang Nabi. Gusti ingkang maringi pameca lumantar Nabi Yeremia tumindak lan ngagem Ebed-Melekh ngentasaken Nabi Yeremia saking sumur. Sang Nabi tetep wilujeng, bagas waras, pinanggih waluya sedayanipun. Wonten mukjizat peparingipun Gusti Allah ing gesangipun Nabi Yeremia.
Gusti Allah paring pitulungan dhateng sintena kemawon ingkang setya tuhu dhumateng panjenenganipun. Gusti Allah maringi ayahan, Gusti ugi maringi berkah kasarasan, tentrem rahayu, saha daya ngrampungi ayahan. Pitulunganipun Gusti saestu nyata ing gesanging manungsa. Mila para peladosipun Gusti ampun ajrih kaliyan kahanan ingkang mrihatosaken.
Astanipun Gusti saestu panjang anggenipun ngrengkuh manungsa ing kawilujengan. Panjenenganiun mboten negakaken tetiyang ingkang setya tuhu dhumateng panjenenganipun ing karupekan. Kepara ngamping-ampingi lan mberkahi tiyang ingkang gesangipun leres, supados ajeg gesang ing bebeneripun Gusti. Pitulunganipun Gusti taksih lan tansah mawujud ing gesanging manungsa. Amin. |*KR
