DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI

DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI

Slasa, 23 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 26:1-12; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:8-11

“Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga!Lah sanyatane iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati , temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” (Wahyu 2:10)

DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI

Lumantar wahyu utawi tetingalan tata kasukman, Gusti Allah nimbali umat kasetyanipun supados setya tuhu dumugi ing pungkasaning gesangipun. Sanadyan wonten kasangsaran, ribeding gesang, kasisahan matumpa-tumpa, nanging setya tuhu dhumateng gusti ampun ngantos mandheg. Ampun mogok ing satengahing margi. Sageda ajeg setya, terus kemawon setya dumugi ing pungkasaning gesang utawi seda. Mila, kawastanan seda ing kasetyan, seda ing astanipun Gusti Allah kanthi tentrem rahayu.

Wonten pepujen mawi basa Indonesia mekaten: Setia, setialah / setia sampai mati / seperti Tuhan Yesus / setia sampai mati. Apakah jawabanmu / untuk kasih setia-Nya / setia, setialah / setia sampai mati. Pepujen ingkang mratelakaken timbalan sageda warganing pasamuwan setya tuhu dhumateng Gusti dumugi ing tilar donyanipun. Gusti Yesus sampun paring tuladha bab kasetyan. Panjenenganipun setya milujengaken manungsa dumugi ing seda-Nipun. Mila tiyang Kristen nuladha dhateng Gusti Yesus bab kasetyan menika.

Wonten pinten-pinten conto ingkang mratelakaken tiyang Kristen nilar kapitadosanipun, awit kamomotan karibedaning jagad. Prekawis menika limrah ing gesanging jagad, nanging mboten limrah ing gesang tata kasukman ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang nilar kapitadosanipun dhateng Gusti Yesus, ateges pitadosipun mandeg utawi mogok ing satengahing margi. Eman-eman. Kawilujengan peparingipun Gusti Yesus lebar, mboten wonten malih. Rikala tilar donya, piyambakipun seda tanpa kawilujengan. Kawotenan ingkang mrihatosaken.

Ganjaran makuthaning ngagesang badhe katampi dening tiyang ingkang setya tuhu dumugi ing pati. Wonten ganjaran kaswargan peparingipun Gusti. Kita sami tansah sumringah, sumangga disetya tuhu dumugi ing pungkasaning gesang kita pribadi. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline