AMPUN AJRIH GESANG

AMPUN AJRIH GESANG

Ahad, 21 Juni 2026 Minggu Limrah

Yeremia 20:7-13; Jabur 69:7-10, 16-18; Rum 6:1b-11; Mateus 10:24-39

“Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk nglathik pirang-pirang.” (Mateus 10:31)

AMPUN AJRIH GESANG

Gusti Yesus nimbali dhateng para sakabat tuwin para pendherekipun jaman samangke supados mboten ajrih ngadhepi gesang. Kanthi conto peksi glathik ingkang kathah ing pundi-pundi panggenan, mboten nanem lan mboten panen, nanging saged gesang. Gusti Allah ingkang maringi gesang tuwin Gusti piyambak ingkang ngrimati gesangipun. Gusti Yesus paring pangandika bab pitados ingkang salugu, inggih punika manungsa masrahaken gesangipun dhumateng Gusti kanthi gumolonging manah. Pitados kanthi masrahaken gesangipun ing astanipun Gusti, mila mitadosi bilih Gusti Allah ngrimati, mberkahi, tuwin maringi ingkang dados kabetahanipun manungsa.

Kenging menapa manungsa ngraosaken ajrih? Manungsa ajrih gegayutan kaliyan kabetahaning gesangipun boten saged kacekapan. Bab raga ingkang ringkih dereng patosa pulih rosa; ekonominipun brayat dereng mapan, ajrih kadospundi nyekapi kabetahaning tetedhan, sekolah, ugi kesehatan; putra ingkang sampun dewasa nanging dereng bebrayatan, lsp. Manungsa ngraosaken ajrih awit dayaning gesang ingkang cumpen, mboten saged ngayahi lan njangkepi sedayanipun.

Gesanging manungsa minangka peparingipun dening Gusti Allah, mila Gusti Allah mesthi karsa ngrimati tuwin mberkahi manungsa titahipun. Gusti Allah mboten badhe nglirwakaken ingkang dados yasanipun ing jagad. Gusti Allah mberkahi manungsa, dene manungsa suka bingah nampi berkahipun Gusti. Mila, manungsa nindakaken ingkang dados jatahipun manungsa piyambak. Manungsa makarya kanthi tumemen, tumindak ing margi padhang, gesang sangkul-sinangkul ing bot-repot dhateng sesami, masrahaken ngesangipun ing astanipun Gusti. Mila raos ajrihing manungsa saged sumingkir utawi ketutup dening raos pitadosipun dhateng Gusti.

Raos ajrih minangka raos kamanungsan tumraping manungsa. Nanging menawi tiyang pitdos mapanaken raos ajrihipun ing papan ngajeng, menika lepat. Ingkang leres, raos pitados mapan wonten ngajeng, lan saestu kawastanan tiyang Kristen, tiyang pitados dhateng Gusti. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline