WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG

WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG

Rebo, 17 Juni 2026 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 4:10-27; Jabur 105:1-11, 37-45; Lukas 6:12-19

“Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange ngati tumeka ing wayah tengange” (Wulang Bebasan 4:18)

WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG

“Pepadhang” punika ngemu suraos ingkang mawerni-werni. Kados dene Roh Suci, Rohing Pepadhang, ingkang madhangi, paring panglipur lan ayem-tentrem ing gesanging manungsa. Ulate padhang ateges manahipun suka bingah, ketingal ing pasuryan ingkang mbingahaken lan tumindak leres. Tiyang mursid inggih tiyang ingkang setya tuhu ndherek Gusti kapralambangaken minangka pepadhang ing wayah enjing. Ngemu teges, gesangipun tiyang mursid ing prekawis sae, ing bebener, ingkang ndadosaken kabingahanipun tiyang sanes. Mila, tiyang mursid kathah sedherekipun, dipunantos-antos dhatengipun, ingkang saged ngguyubi lan ndamel kabingahanipun tiyang kathah.

Manungsa saged dados tiyang mursid awit adrengipun manah pribadi, kajurungan dening Rohing Allah, Rohing pepadhang. Gusti Allah maringi pepadhang ing manahipun tiyang pitados, ingkang ndayani tiyang mursid kuwagang gesang ing pepadhang. Purun gesang ing karukunan kaliyan tyang sanes, saged apunten-ingapunten kaliyan tiyang ingkang nandhang lepat, ugi tansah memuji asmanipun Gusti kanthi gumolonging manah.

Pepadhangipun tiyang mursid ampun ngantos mbleret, saya suda urubipun. Saya malih ampun ngantos pejah. Menawi urubipun pejah, ateges gesangipun tiyang mursid mboten migunani dhateng tiyang sanes. Gesangipun taksih ambegan, taksih ngersakaken dhahar lan ngunjuk, nanging mboten migunani ing bebener dhateng tiyang sanes. Muspra kemawon, gesangipun ngamplah.

Gusti Allah ngersakaken, manungsa sageda milih dados tiyang mursid. Godhanipun dados tiyang pancen mawarni-warni. Nanging, Sang Roh Suci, Rohing pepadhang tansah madhangi manahipun manungsa, supados manungsa tansah dados tiyang mursid. Ugi, manungsa purun dados tiyang mursid. Ateges, purun dados astanipun Gusti madhangi tiyang kathah ing sakiwa-tengenipun. Ndamel tentrem rahayu, panglipuran, saha guyub-rukun kaliyan tiyang sanes. Tiyang mursid dipunremeni dening tiyang kathah. Pawartos ingkang mbingahaken. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline